Rabu, 21 Oktober 2020

TEKS CRITA WAYANG


 

PERTEMUAN 8

A.     KOMPETENSI DASAR

3.3  Memahami  struktur  teks,  unsur kebahasaan,  dan  pesan  moral  dari teks  lisan  dan  tulis  yang  berupa fiksi  (wayang/cerkak/folklor/topѐng ḍhâlâng).

4.3  Mengapresiasi teks fiksi (wayang/cerkak/folklor/topèng ḍhâlâng) sesuai konteks secara lisan dan tulis.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks dheskriptif, siswa dapat

1.      menjelaskan struktur  teks  wayang/topѐng ḍhâlâng dengan tepat.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

KARNA TANDHING

Perang  Baratayuda  tambah  dina  ora mendha,  ananging   tansaya  sengit  lan nggegirisi.  Layone  prajurit  wor  suh  karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabalaKurawa  lan  Pandhawa.  Ana  sing  bisa  dirukti, disuceni  lan  disampurnakake,  nanging  isih luwih  akeh  sing  ora  karukti.  Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan.

Aneng  pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu  atetawang tangis  amelas  arsa,  anggetuni  sedane  para  pepundhene  lan  putra-putrane  sing dadi bantening perang Baratayuda.

”Adhimas  Prabu  Yudhistira,  sasurute  Abimanyu,  Drestajumena  lan  para senopati liyane, sliramu kudu enggal milih salah siji  saka para kadang Pandhawa dadi  senopatine  perang.”  Prabu Kresna  mecah  tangising  para  kadang Pandhawa.

”Kaka  Prabu,  kula  rumaos  boten  saged  nglajengaken  perang  punika, raosing  ciut manah  kula,  sampun  boten  kuwawa  nandhang  dhuhkita  tinilar pawongan ingkang kinasih, punapa malih milih para kadang Pandhawa minangka senopati  lajeng  mangke  pralaya  ing  palagan,  sanajan  kula  mangertos  sedaya punika  wujud  darmaning  satriya.”  Yudhistira  matur  marang  Kresna  isih  karo swara lirih cinandhet ing gurung.

”Ora Yudhistira, perang kudu terus lumaku, yen sliramu ora bisa netepake sapa  sing  kudu  dadi  senopati,  aku  minangka  penasehat  perang  saka  Pandhawa netepake  Arjuna  sing  kudu  dadi  senopati,  amarga  Kurawa  wis  netepake  Ratu Awangga   Karna  minangka  senopati.”  Kagyat  Sang  Arjuna,  njenggirat,  angusap waspa.

”Kaka  Prabu,  kados  pundi  anggen  kula  badhe  nglampahi  aben  ajeng  ing madyaning    palagan  kaliyan  kadang  sepuh  pribadi,  kula  boten  sagah  kaka Prabu.”

”Arjuna  elinga  iki  dudu  perkara  sedulur  apa  dudu  sedulur,  perang Baratayuda iki wujud perang antara bebener lan kamurkan, perang mbelani hak, lan  ngayahi  kewajiban,  mbelani  jejeging  nagara,  wis  samesthine  ora  ana  tidhatidha,  nglabuhi  nagara  nganti  pecahing  dhadha  wutahing  ludira  minangka darmaning  satriya  sejati.  Karna  sanajan  sedulur  tuwa  sing  kebeneran  dadi mungsuhmu,  ing  perang  Baratayuda  iki  uga  netepi  darmaning  satriya,  males budi  marang  pawongan  lan  nagara  sing  sasuwene  iki  wis  menehi  kamulyanuripe.  Karna  uga  duwe  rasa  pangrasa  kaya  sliramu, ananging  ngemban  jejibahan  lan  males  budi  luwih wigati.  Coba  yen  nganti  sliramu  ora  enggal  maju  apa ora  muspra  anggone  para  raja  wadyabala  Pandhawa lan putra Pandhawa sing wis ngorbanake jiwa ragane. Saiki rungokna ing sabrang palagan wadyabala Kurawa dipandhegani  Adipati  Karna,  sora  swarane  ambata rubuh  anantang  sliramu.  Wis  aja  was  sumelang  aku sumadiya  dadi  kusir  kreta  perangmu.”  Pangandikane Prabu Kresna mau nunjem  atine Arjuna,  kaya kaslenthik jiwane.  Netra cumlorot kebak  panginggit-inggit,  pasuryaning  abang  semburat  mendhem kanepson.

”Menawi   makaten  mangga  Kaka  Prabu  kula  ndherek,  kula  sagah  dados senopatining perang, para kadang Pandhawa kersanipun  nyamektakaken  sadaya prajurit  mapag  kridhanipun  Adipati  Karna.”  Sigra  Sang  Senopati  Arjuna nyengklak  kreta  perang  kinusiran  Sang  Prabu  Kresna.  Ing  sabrange  tegal Kurusetra,  Sang  Adipati  Karna  uga  wis  samekta,  kreta  perang  kinusiran  Sang Prabu Salya. 

Cekaking  crita  aneng  satengahing  palagan  Tegal  Kurusetra,  katon  satriya loro,  tan  bisa  kabedakake,  pindha  jambe  sinigar,  pawakane,  pasuryane, panganggone, sanjatane. Kekarone mudhun saka kreta.

”Kangmas  Adipati  Karna  pun  rayi  ngaturaken  sembah  pangabekti,  ugi nyuwun  agunging  samodra  pangaksami  sampun  kumawantun  lan  cumantaka dhumateng panjenengan wonten ing palagan  punika, ugi  ngaturaken welingipun pun  Ibu  Ratu  Kunthi,  sejatosipun  dereng  telat  menawi  panjenengan  kersa makempal  nunggal  sawiji  kalihan  sedaya  kadang  Pandhawa.”  Arjuna  lumajar banjur angrungkepi padane sang Adipati Karna.

”Ora  ana  sing  perlu  dingapura  adhiku  Arjuna,  aku  lan  sliramu  ora  ana bedane,  iki  mung  saderma  ngayahi  wajib  darmaning  satriya  tama.  Ngertia  aku wis janji karo Ibu Ratu Kunthi, yen ta aku tetep njaga Pandhawa lima,  dadi oraana  Pandhawa  enem,  mula  ing  kene  mengko  sapa  sing  bakal  pralaya,  aku  apa sliramu,  Pandhawa  tetep  lima  kaya  janjiku  marang  ibu.”  Pangandikane  Adipati Karna  karo  ngangkat  bahune  Arjuna.  Tempuk  pandelenge  satriya  loro  mau, sumoroting netra, ana asih, ana greget, ana kesumat campur-adhuk.

”Menawi makaten Kakang Adipati Karna, mangga enggal karampungaken jejibahan  punika.”  Arjuna  atur  sembah  lan  sumadiya  nyengklak  kreta  perang, semono uga Adipati Karna.

Ing satengahaing palagan, perang campuh, anggegirisi, swara Kurawa lan Pandhawa adu katiyasan pindha bantheng ketaton. Satriya kekarone uga ngetog kasudibyane,  sanjata  panah  lumepas  pindhane  udan.  Ananging  Sri  Kresna ngrasa  yen  lumepasing  panahing  Arjuna  ora  mugen  katujokake  kanggo  musuh ananging mung lumepas sakarepe.

”Arjuna  aja  kalepyan,  kae  musuhmu,  aja  rangu-rangu  kewajibanmu menangake andon yuda iki.” bareng lan pangandikane Sri Kresna tanpa kanyana panahe Adipati Karna mleset nyamber gelunge Arjuna.

”Kados  pundi  Rama  Prabu  panjenengan  punika,  mesthinipun  menawi boten  kasendhal  lisipun  dirada,  Arjuna  sampun  pejah  kenging  jemparing  kula.” Adipati  nguman-uman  Rama  maratuwane,  karo  mudhun  mbenakake  rodane kreta  kejeglong  awit  anggone  nyendhal  Prabu  Salya  kebanteren,  rodane  kreta kejeglong.  Diuman-umani  mantune  Prabu  Salya  mendel  kewala,  amung  ing batine ngendikan ”aku lila kowe sing mati tinimbang Arjuna.”

”Ayo  Arjuna  enggal  dipungkasi,  Pasopatimu  gunakna”  Prentahe  Prabu Kresna  marang  Arjuna,  tanpa  kumecap  panah  Pasopati  wis  lumepas,  Adipati Karna  sing  nembe  bae  mapan  lan  munggah  ing  kreta  tanpa  bisa  enda  panah Pasopati  tumancep  nunjem  dhadha,  sakala  ambruk  kumalasa  mental  saking kreta.

Arjuna  weruh  Adipati  Karna  ketaman  panahe  lan  mental  saking  kreta, enggal  mlesat  pindha  thathit,  diarah  aja  nganti  anggane  Adipati  Karna  tumiba ing bumi

”Adhuh kakang Adipati Karna, pun rayi nyuwun pangaputen” Arjuna karo atetawang tangis  mangku  mustakane  Adipati  Karna,  pasuryane  Adipati  Karna ngatonake rasa marem.

”Adhiku Arjuna dudu salahmu,  iki pancen wis tinakdir, matura Ibu Kunthi menawa  aku  ngaturake  sembah  pangabekti  lan  nyuwun  pangapura  aku  durung bisa dadi putra kang tuhu bekti, ananging aku uga wis netepi janjiku, Pandhawa tetep  lima,  mung  bae  sapungkurku  aku  titip  Ibu  Kunthi  marang  sliramu sakadang.  Muga-muga kamenangan lan kawijayan tetepa kanggo kadang Pandhawa.”  Bubar ngendikan ana cahya putih  cumlorot  metu  saka  anggane Adipati Karna mumbul ngawiyat tumuju swarga.

Ninggal  Arjuna  sing  atetawang  tangis  sinambi  mbopong  kunarpane  Sang Adipati  Karna  tumuju  pakuwone  Pandawa.  Kunarpane  Adipati  Karna  karukti dening  para  kadang  Pandawa  kairing  donga  puji.  Iku minangka bukti  yen  tali paseduluran apa maneh tunggal bapa lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot krana urusan donya.

 

 

 BAUSASTRA

 wor suh                      : campur dadi siji

kurnapa                      : layon, jenasah, jisim, mayit.

bantening perang      : banten+ing = korban+ing.

seda                            : surut, ngemasi,

andon yuda               : perang tandhing

pepundhene              : sesepuh

tetawang tangis         : nangis terus, nangis kelara-lara

amelas arsa               : memelas, nggawe trenyuh

duhkita                       : susah

waspa                         : luh

aben ajeng                 : adu arep

darmaning satriya     : sikap lan perilaku sing wajib diduweni para satriya


kamulyan                   : ka+mulya+an, ater-ater ka +tembung lingga+panambang -an ngrimbag tembung dadi tembung aran: kemuliaan (BI)

jejibahan                    : kewajiban

dipandhegani             : dipimpin

ambata rubuh            : rame banget kaya bata rubuh: bebasan

nyamektakake           : ny-samekta-ake; samekta:nyiapake.

kinusiran                    : dikusiri

pindha jambe sinigar: persis, padha (pepindhan)


kumawantun              : kuma+wantun (kr. a): kuma +wani, aterater kuma tegese mbangetake: banget anggone wani cumantaka:

palagan                       : papan jembar kanggo perang

lumajar                       : mlayu

netra kr.a)                  : mripat

kalepyan                     : lena

lisipun                         : kendhali, kekang

ambruk kumalasa     : ambruk nggeblak

anggane                      :awake

mustaka                      :sirah

mlesat pindha thathit: mabur mendhuwur kaya thathit(kilap)

mumbul ngawiyat     : mumbul mendhuwur ing awang-awang.

 

  

TEKS CRITA WAYANG

Crita wayang kuwi salah sijine tuladhane wacan narasi. Wacan narasi bisa awujud  crita  wayang,  crita  rakyat,  dongeng,  wacan  bocah,  cerkak lan  sapunanggalane.  Ing  saben  crita  utawa  narasi  fungsi  utamane kanggo marisake nilai budi pekerti, norma-norma sosial, budaya lan adat istiadat.

Teks crita wayang  kalebu teks narasi. Titikane (ciri) teks narasi, kaya ing ngisor iki.

1.      Wujude  wacan  narasi  bisa  dideleng  saka  perangan  struktur  sing  bisa  mangun  wacan  lan  perangan  basa  kang  dumadi  saka panganggone tembung, lan ukara.

a.       Struktur wacan narasi  dumadi  saka  orientasi,  komplikasi,  klimak, resolusi, reorientasi, lan koda/amanat.

b.      Unsur  basa,  utawa  wujud  basane  wacan  narasi  arupa  tembunge, ukarane,  lan  wangune  paragraf.  Ing kalodhangan (kesempatan) iki mligi (mung)  ngenani tembung lan ukara sing dadi cirine wacan narasi, yaiku arupa tembung (kata), ukara (kalimat) paesan utawa basa rinengga, lan unggah-ungguh basa.

2.      Tujuan  panulisan  lan  pamacane  wacan  narasi  kuwi  kanggo  panglipur  sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe.

3.      Fungsi wacan narasi saliyane wujud ngandharake gagasan lan ide, uga kanggo marisake nilai budi pekerti luhur.

 

STRUKTUR TEKS CRITA WAYANG

Sruktur teks crita wayang iku dibagi dadi 6 perangan kaya jlentrean ing ngisor iki.

1.      Orientasi

Orientasi iku bagian tetepungan utawa bagian sing ngenalake tokoh/paraga, latar/seting, lan prastawa/prakara kang ana ing sajroning crita wayang. Ing “Karna Tandhing” dikenalake   tokoh (wadyabala  Kurawa  lan  Pandhawa,  pangeran  lan  raja),  prastawa/peristiwa  (Perang Baratayuda),  latar  waktu  (tambah  dina),  panggonan  lan  kahanan  (ambu anyir), ing paragraf 1 nganti tekan paragraf 2.

2.      Komplikasi

Komplikasi ku bagian crita sing  wis  ana  perkara  sing  bakal  dadi  underan/pokok lan ndadekake aluring crita.  Ing  kono  titikane  wiwit  ana  prakara  yaiku  konflik  ing  batine Yudhistira nalika kudu milih senopati, konflik amarga Arjuna ora gelem dadi senopati, ing paragraf 3 nganti tekan paragraf 6. 

3.      Klimaks

Klimaks iu bagia crita sing prakarane wis tambah ngambra-ambra lan ruwet. Titikan bisa dideleng saka paragraf sing njlentrehake kanepsone Arjuna, kanepsone Adipati Karna uga  prentahe  Prabu  Kresna  marang  Arjuna,  ing  paragraf  7  nganti  tekan paragraf 22.

4.      Resolusi

Resolusi iku bagian crita sing prakarane  wis  nemokake  dalane  kanggo  ngrampungi solusi/jalan keluar). Titikan  sing  bisa dijupuk  saka  paragraf  ana  ing  keputusane  Arjuna  gelem  dadi  senopati,  lan miwiti perang lumawan Adipati Karna, paragraf 23 nganti tekan paragraf 26

5.      Reorientasi

Reorientasi iku bagian pamawas ulang  ngenani perkara yen ana. Bagian iki bisa katitik ing paragraf kang  njelasakake yen ta perange Adipati Karna  lan Arjuna mligine, utawa perang  Baratayuda, ora  mung  wujud  perang  pribadi/  keturunan  nanging  perange  para  satriya njejegake darmaning satriya, paragraf 27.

6.      Koda/Amanat

Amanat iku dudutan/simpulan  sing  bisa  dijupuk  saka  paragraf  sing  njelasake  nilai  budi  pekerti sing  bisa  dadi  patuladhan,  kaya  pangruktine  Pandhawa  marang  kunarpane  Adipati  Karna,  awit  sesambungan  sedulur  kuwi  ora  bakal  pedhot  krana  urusan donya, ana ing paragraf 28.

 

TULADHANE STURKTUR TEKS CRITA WAYANG

KARNA TANDHING

ORIENTASI

Perang  Baratayuda  tambah  dina  ora mendha,  ananging   tansaya  sengit  lan nggegirisi.  Layone  prajurit  wor  suh  karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabalaKurawa  lan  Pandhawa.  Ana  sing  bisa  dirukti, disuceni  lan  disampurnakake,  nanging  isih luwih  akeh  sing  ora  karukti.  Ambu  anyir ludirane  para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan.

Aneng  pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu  atetawang tangis  amelas  arsa,  anggetuni  sedane  para  pepundhene  lan  putra-putrane  sing dadi bantening perang Baratayuda.

” Adhimas  Prabu  Yudhistira,  sasurute  Abimanyu,  Drestajumena  lan  para senopati liyane, sliramu kudu enggal milih salah siji  saka para kadang Pandhawa dadi  senopatine  perang.”  Prabu  Kresna  mecah  tangising  para  kadang Pandhawa.

KOMPLIKASI

”Kaka  Prabu,  kula  rumaos  boten  saged  nglajengaken  perang  punika, raosing  ciut manah  kula,  sampun  boten  kuwawa  nandhang  dhuhkita  tinilar pawongan ingkang kinasih, punapa malih milih para kadang Pandhawa minangka senopati  lajeng  mangke  pralaya  ing  palagan,  sanajan  kula  mangertos  sedaya punika  wujud  darmaning  satriya.”  Yudhistira  matur  marang  Kresna  isih  karo swara lirih cinandhet ing gurung.

”Ora Yudhistira, perang kudu terus lumaku, yen sliramu ora bisa netepake sapa  sing  kudu  dadi  senopati,  aku  minangka  penasehat  perang  saka  Pandhawa netepake  Arjuna  sing  kudu  dadi  senopati,  amarga  Kurawa  wis  netepake  Ratu Awangga   Karna  minangka  senopati.”  Kagyat  Sang  Arjuna,  njenggirat,  angusap waspa.

”Kaka  Prabu,  kados  pundi  anggen  kula  badhe  nglampahi  aben  ajeng  ing madyaning    palagan  kaliyan  kadang  sepuh  pribadi,  kula  boten  sagah  kaka Prabu.”

”Arjuna  elinga  iki  dudu  perkara  sedulur  apa  dudu  sedulur,  perang Baratayuda iki wujud perang antara bebener lan kamurkan, perang mbelani hak, lan  ngayahi  kewajiban,  mbelani  jejeging  nagara,  wis  samesthine  ora  ana  tidhatidha,  nglabuhi  nagara  nganti  pecahing  dhadha  wutahing  ludira  minangka darmaning  satriya  sejati.  Karna  sanajan  sedulur  tuwa  sing  kebeneran  dadi mungsuhmu,  ing  perang  Baratayuda  iki  uga  netepi  darmaning  satriya,  males budi  marang  pawongan  lan  nagara  sing  sasuwene  iki  wis  menehi  kamulyanuripe.  Karna  uga  duwe  rasa  pangrasa  kaya  sliramu, ananging  ngemban  jejibahan  lan  males  budi  luwih wigati.  Coba  yen  nganti  sliramu  ora  enggal  maju  apa ora  muspra  anggone  para  raja  wadyabala  Pandhawa lan putra Pandhawa sing wis ngorbanake jiwa ragane. Saiki rungokna ing sabrang palagan wadyabala Kurawa dipandhegani  Adipati  Karna,  sora  swarane  ambata rubuh  anantang  sliramu.  Wis  aja  was  sumelang  aku sumadiya  dadi  kusir  kreta  perangmu.”  Pangandikane Prabu Kresna mau nunjem  atine Arjuna,  kaya kaslenthik jiwane.  Netra cumlorot kebak  panginggit-inggit,  pasuryaning  abang  semburat  mendhem kanepson.

KLIMAKS

”Menawi   makaten  mangga  Kaka  Prabu  kula  ndherek,  kula  sagah  dados senopatining perang, para kadang Pandhawa kersanipun  nyamektakaken  sadaya prajurit  mapag  kridhanipun  Adipati  Karna.”  Sigra  Sang  Senopati  Arjuna nyengklak  kreta  perang  kinusiran  Sang  Prabu  Kresna.  Ing  sabrange  tegal Kurusetra,  Sang  Adipati  Karna  uga  wis  samekta,  kreta  perang  kinusiran  Sang Prabu Salya. 

Cekaking  crita  aneng  satengahing  palagan  Tegal  Kurusetra,  katon  satriya loro,  tan  bisa  kabedakake,  pindha  jambe  sinigar,  pawakane,  pasuryane, panganggone, sanjatane. Kekarone mudhun saka kreta.

”Kangmas  Adipati  Karna  pun  rayi  ngaturaken  sembah  pangabekti,  ugi nyuwun  agunging  samodra  pangaksami  sampun  kumawantun  lan  cumantaka dhumateng panjenengan wonten ing palagan  punika, ugi  ngaturaken welingipun pun  Ibu  Ratu  Kunthi,  sejatosipun  dereng  telat  menawi  panjenengan  kersa makempal  nunggal  sawiji  kalihan  sedaya  kadang  Pandhawa.”  Arjuna  lumajar banjur angrungkepi padane sang Adipati Karna.

”Ora  ana  sing  perlu  dingapura  adhiku  Arjuna,  aku  lan  sliramu  ora  ana bedane,  iki  mung  saderma  ngayahi  wajib  darmaning  satriya  tama.  Ngertia  aku wis janji karo Ibu Ratu Kunthi, yen ta aku tetep njaga Pandhawa lima,  dadi oraana  Pandhawa  enem,  mula  ing  kene  mengko  sapa  sing  bakal  pralaya,  aku  apa sliramu,  Pandhawa  tetep  lima  kaya  janjiku  marang  ibu.”  Pangandikane  Adipati Karna  karo  ngangkat  bahune  Arjuna.  Tempuk  pandelenge  satriya  loro  mau, sumoroting netra, ana asih, ana greget, ana kesumat campur-adhuk.

”Menawi makaten Kakang Adipati Karna, mangga enggal karampungaken jejibahan  punika.”  Arjuna  atur  sembah  lan  sumadiya  nyengklak  kreta  perang, semono uga Adipati Karna.

Ing satengahaing palagan, perang campuh, anggegirisi, swara Kurawa lan Pandhawa adu katiyasan pindha bantheng ketaton. Satriya kekarone uga ngetog kasudibyane,  sanjata  panah  lumepas  pindhane  udan.  Ananging  Sri  Kresna ngrasa  yen  lumepasing  panahing  Arjuna  ora  mugen  katujokake  kanggo  musuh ananging mung lumepas sakarepe.

”Arjuna  aja  kalepyan,  kae  musuhmu,  aja  rangu-rangu  kewajibanmu menangake andon yuda iki.” bareng lan pangandikane Sri Kresna tanpa kanyana panahe Adipati Karna mleset nyamber gelunge Arjuna.

”Kados  pundi  Rama  Prabu  panjenengan  punika,  mesthinipun  menawi boten  kasendhal  lisipun  dirada,  Arjuna  sampun  pejah  kenging  jemparing  kula.” Adipati  nguman-uman  Rama  maratuwane,  karo  mudhun  mbenakake  rodane kreta  kejeglong  awit  anggone  nyendhal  Prabu  Salya  kebanteren,  rodane  kreta kejeglong.  Diuman-umani  mantune  Prabu  Salya  mendel  kewala,  amung  ing batine ngendikan ”aku lila kowe sing mati tinimbang Arjuna.”

RESOLUSI

”Ayo  Arjuna  enggal  dipungkasi,  Pasopatimu  gunakna”  Prentahe  Prabu Kresna  marang  Arjuna,  tanpa  kumecap  panah  Pasopati  wis  lumepas,  Adipati Karna  sing  nembe  bae  mapan  lan  munggah  ing  kreta  tanpa  bisa  enda  panah Pasopati  tumancep  nunjem  dhadha,  sakala  ambruk  kumalasa  mental  saking kreta.

Arjuna  weruh  Adipati  Karna  ketaman  panahe  lan  mental  saking  kreta, enggal  mlesat  pindha  thathit,  diarah  aja  nganti  anggane  Adipati  Karna  tumiba ing bumi

”Adhuh kakang Adipati Karna, pun rayi nyuwun pangaputen” Arjuna karo atetawang  tangis  mangku  mustakane  Adipati  Karna,  pasuryane  Adipati  Karna ngatonake rasa marem.

REORIENTASI

”Adhiku Arjuna dudu salahmu,  iki pancen wis tinakdir, matura Ibu Kunthi menawa  aku  ngaturake  sembah  pangabekti  lan  nyuwun  pangapura  aku  durung bisa dadi putra kang tuhu bekti, ananging aku uga wis netepi janjiku, Pandhawa tetep  lima,  mung  bae  sapungkurku  aku  titip  Ibu  Kunthi  marang  sliramu sakadang.  Muga-muga  kamenangan  lan  kawijayan  tetepa  kanggo  kadang Pandhawa.”  Bubar  ngendikan  ana  cahya  putih  cumlorot  metu  saka  anggane Adipati Karna mumbul ngawiyat tumuju swarga.

KODA/AMANAT

Ninggal  Arjuna  sing  atetawang  tangis  sinambi  mbopong  kunarpane  Sang Adipati  Karna  tumuju  pakuwone  Pandawa.  Kunarpane  Adipati  Karna  karukti dening  para  kadang  Pandawa  kairing  donga  puji.  Iku minangka bukti  yen  tali paseduluran apa maneh tunggal bapa lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot krana urusan donya.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Kamis, 08 Oktober 2020

TEKS PROFIL TOKOH


PERTEMUAN 7

 

A.     KOMPETENSI DASAR

3.2  Memahami struktur teks dan unsur kebahasaan dari teks lisan dan tulis untuk menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh, kegiatan, atau prastawa.

4.2  Menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh, kegiatan, atau prastawa dengan menggunakan tata krama.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks dheskriptif, siswa dapat

1.      Menuliskan teks profil tokoh dengan menggunakan bahasa yang sesuai kaidah.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

NYRITAKAKE TEKS PROFIL TOKOH

Ing pasinaon kepungkur, materi sing disinaoni babagan unsur basa ing teks profil tokoh. Saiki bakal dijlentrehake babagan nyritakake teks profil tokoh kanthi miturut kebahasaan lan tata krama kang apik. Supaya bisa  nyritakake teks profil tokoh kanthi runtut, gatekno kanthi patitis materi ing  ngisor iki.

Nulis  teks  profil  tokoh,  ana  sawijine  bab  kang  kudu  digatekake, utamane  nalika  milih  tokoh.  Prastawa  apa  sing  narik  kawigaten, lelabuhane apa, kepriye tindak tanduke kang bisa dituladha. Teks profil tokoh  uga  diarani  teks  biografi  amarga  nggambarake  tokoh  lan prastawa  apa  bae  sing  tau  dialami  dening  tokoh.  Tokoh  sing  apik  ing ngarep  bisa  dadi  patuladhan,  ing  satengahe  bebrayan  dadi  sumber inspirasi,  lan  manawa  ing  buri  bisa  menehi  panyengkuyung,  cundhuk unine  sesanti  ing  ngarsa  asung  tuladha,  ing  madya  mangun  karsa, tutwuri handayani.

Nalika nulis teks profil tokoh uga kudu nggatekake structure supaya teks iku dadi runtut. Diwiwiti saka orientasi (ngenalake identitas tokoh) banjur prasatawa kan nyritakake prastawa apa wae kang dialami tokoh. Pungkasan yaiku reorientasi kang isine ngandharake  pandhangan  lan pamawase  panulis marang tokoh sing dicritakake.

 

 

GLADHEN



Ing ngisor iki ana teks profil tokoh sing durung sampurna,  coba ganepana nganggo tembung- tembung sing trep!

 

........................................

Taufik Hidayat (1) ... ing Bandung tanggal  10 Agustus 1981, (2) ... bapak Aris Haris (3) ...  ibu  Denok  Dartilah.  Dheweke  klebu  salah  sijine  (4) ...  tunggal  putra Indonesia saka klub SGS Elektrik Bandung.

Taufik  Hidayat   kuwi  atlet  sing entuk  medhali  emas   Olimpiadhe  Athena taun 2004. Taun 2005 (5) ... juara donya BWF, lan taun 2006 oleh (6) .... Tunggal Putra Asian Games. Kajaba iku dheweke  isih  nyumbangake  gelar  sapirang-pirang. Pengalaman liyane (7) ... dadi juara beregu Piala Thomas (8) ... Piala Sudirman. Taun 2007 Taufik  Hidayat (9) ...  karo Ami Gumelar, duwe putri siji kang diwenehi (10) ... Natarina Alika Hidayat.

Wiwit  30  Januari  2009  Taufik  Hidayat  mundur (11)  ...  pelatnas  Cipayung lan milih dadi pemain profesional (12) ... bisnis piranti olah raga kerja bareng karo Yonex. Taufik  Hidayat  atlet  Nasional  sing  pantes  (13) ...  dening  para  mudha. Kabeh gegayuhan bisa (14)  ...  kanthi  semangat,  kerja  keras,  lila  ngurbanake samubarang kasenengan. Sing marahi dadi patuladhan apa sing dilakoni dening Taufik Hidayat wis ngarumake (15) ... bangsa lan negara.

 

Gladhen in dhuwur banjur dikirim ing link ngisor iki. 

7A    https://forms.gle/AWXnrs7X5LSqkFYY8

7B    https://forms.gle/Hq72CtMWyFUjkAgH7

7C    https://forms.gle/GaNNi1JxF4BoR88o9

7D    https://forms.gle/eW57KbN7kpHP2fmC7

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 





 

 

 

 

 




 

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...