Minggu, 14 Februari 2021

TEMBANG MACAPAT 2


PERTEMUAN 2

A.     KOMPETENSI DASAR

3.5  Memahami  struktur  teks,  unsur kebahasaan,  dan  pesan  moral tembang  macapat  dan  lagu kreasi secara lisan dan tulis.

4.5  Melagukan  dan  mengungkapkan pesan tembang  macapat  dan lagu kreasi.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca atau mendengarkan tembang macapat, siswa dapat

1.      Mengklasifikasikan   unsur  kebahasaan tembang macapat dengan cermat.

2.      Menyimpulkan  pesan  moral  tembang macapat denga tanggung jawab.

 

C.      RINGKASAN MATERI 

UNSUR BASA TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat iku salah sjiie seni budaya Jawa kang isik ngrembaka nganti jaman saiki. Tembang macapat iki isik migunakake tembung kawi. Tembung kawi uga diarani tembung Jawa  kuna. Tembung-tembunge saiki wis arang digunakake  ing  guneman  padinan.  Tembung iki  digunakake  kanggo pepaes, utawa rerenggan. Menawa arep nulis tembang mcapat, ing jaman saiki bisa nganggo tembung Kawi campur tembung Jawa sing kulina dienggo padinan supaya pamaca luwih gampang mangerteni isine tembang.

Tuladha

 

PUCUNG

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

 

Ing cakepan tembang kasebut tinemu tembung Kawi, yaiku
Kas                  : trampil

Dur                  : ala

Angkara          : murka

 

PESAN MORAL TEMBANG MACAPAT

Saben-saben jinise tembang macapat duweni isi lan watak kang beda-beda. Tembang    macapat iku bisa  kagunakake  kanggo  sarana  ngandharake  gagasan utawa pitutur sing werna-werna. Biasane ngandhut pitutur babagan budi  pekerti. Pitutur iku mau saka gagasanne penulis sing pingin disampekake marang pamaca.

Saka tuladha tembang pucung ing dhuwur iku, iso dikaweruh pitutur sing pingin disampekake yaiku babagan golek ngelmu. Ngelmu iku kudu digoleki. Nalika golek ngelmu, kudu dilakoni kanthi niat kang tulus lan kuat. Yen wes kelakon, urip bakal sentosa. Ngekmu iku bisa merangi nafsu angkara murka.

 

 


 

Senin, 01 Februari 2021

TEMBANG MACAPAT 1


PERTEMUAN 1

A.     KOMPETENSI DASAR

3.5  Memahami  struktur  teks,  unsur kebahasaan,  dan  pesan  moral tembang  macapat  dan  lagu kreasi secara lisan dan tulis.

4.5  Melagukan  dan  mengungkapkan pesan tembang  macapat  dan lagu kreasi.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca atau mendengarkan tembang macapat, siswa dapat

1.      mengidentifikasi jenis-jenis tembang macapat dengan teliti.

2.      mengidentifikasikan  struktur  teks tembang macapat dengan cermat.

 

C.      RINGKASAN MATERI 

 

PUCUNG

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

 

Lekas               : wiwit

Kas                  : trampil

Nyantosani     : ora gampang rusak, kuat

Dur                  : ala

TEMBANG MACAPAT

Ing dhuwur wis dicontohne babagan tembang pucung. Ing tembang iku, ana patang baris. Isine yaiku yen arep golek ilmu kudu dilakoni kanthi mempeng, ojo gampang cupet ati lan pikirane. Nalika golek ilmu kudu dilakoni kanthi tulus ikhlas amarga ketulusan budi iku dadi dalan kanggo ngilangi ala lan bodho.

Tembang pucung iku salah siji jinise tembang macapat. Tembang macapat,  yaiku  tembang  tradhisional  kang ana ing  tanah  Jawa.  Diarani  tradhisional amarga tembang iku  kaiket  dening  guru  gatra,  guru  wilangan,  lan  guru  lagu.  Macapat  tegese  maca papat-papat,  yaiku  carane  maca  mandeg  saben  patang  wanda  (suku kata).

Tembang  macapat iku jinise  ana  11. Saben-saben tembang duweni paugeran lan watak tartamtu.


No.

Jenenge Tembang

Watak tembang

1.

Maskumambang

Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta

2

Pucung

Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan.

3.

Megatruh

Sedhih kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun, nelangsa karanta-ranta.

4.

Gambuh

Rumaket, kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng merga wis keduga, lumrahe nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket sesrawungane.

5.

Mijil

Wetuning rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan.

6.

Kinanthi

Seneng, tresna, lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara, gandrung-gandrung.

7.

Durma

Galak, muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo ing carita perang.

8.

Pangkur

Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng.

9.

Asmaradana

Sedhih, sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa asmara, kanggo ing carita kang medharake asmara.

10.

Sinom

Grapyak, renyah, kanggo sesorah, mituturi.

11.

Dhandhanggula

Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo panutuping karangan kang sinawung ing tembang.

 

STRUKTUR TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat iku duweni sruktur utawa paugeran kang wis ditemtokake. Paugeran ing tembang macapat iku ana telu kaya jlentrehan ing ngisor iki.

1.      Guru gatra, yaiku cacahing gatra (larik/baris) kang ana ing saben pada (bait).

2.      Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.

3.      Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra (swara a/ i/ u/ e/ o).

Saka 11 jinise tembang macapat iku, duwe paugeran dhewe-dhwewe. Supaya luwih mangerteni paugeran saka masing-masing jinise tembang, gatekno tabel ngisor iki. Tembang ing ngisor iki diurutne miturut cacahe baris.


NO.

JINISE TEMBANG

GURU GATRA

GURU WILANGAN LAN GURU LAGU

1

2

3

4

5

6

7

8

9

10

1.

Maskumambang

4

12i

6a

8i

8a

 

 

 

 

 

 

2

Pucung

4

12u

6a

8i

12a

 

 

 

 

 

 

3.

Megatruh

5

12u

8i

8u

8i

8o

 

 

 

 

 

4.

Gambuh

5

7u

10u

12i

8u

8o

 

 

 

 

 

5.

Mijil

6

10i

6o

10e

10i

6i

6u

 

 

 

 

6.

Kinanthi

6

8u

8i

8a

8i

8a

8i

 

 

 

 

7.

Durma

7

12a

7i

6a

7a

8i

5a

7i

 

 

 

8.

Pangkur

7

8a

11i

8u

7a

12u

8a

8i

 

 

 

9.

Asmaradana

7

8i

8a

8e/o

8a

7a

8u

8a

 

 

 

10.

Sinom

9

8a

8i

8a

8i

7i

8u

7a

8i

12a

 

11.

Dhandhanggula

10

10i

10a

8e

7u

91

7a

6u

8a

12i

7a

 

Saliyane  kaiket  guru  gatra,  guru  wilangan,  lan  guru  lagu,  tembang macapat  uga  nduweni  titilaras  lan  cakepan.  Titi  laras,  utawa  cukup  diucapke laras, kaperang dadi loro, yaiku laras slendro lan laras pelog. Kang dadi titikane lasras slendro, yaiku ana 5 swara kang dumadi saka swara    1 2 3 5 6, ora  ana  swara  4  (papat)  karo  7 (pitu).  Laras pelog iku nduweni  7 swara. Dumadi  saka 1 2 3 4 5 6 7.  Cakepan,  yaiku  naskah,  teks,  utawa  syaire  tembang  macapat.  Cakepan tembang  iki  sejatine  ora  beda  karo  wangun  geguritan.

 

TULADHA WANGUN STRUKTUR TEMBANG MACAPAT







 

 

 

 

 

 

 

 

 


 

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...