Rabu, 02 Desember 2020

TEMBANG KREASI BARU



PERTEMUAN 12

A.     KOMPETENSI DASAR

3.5  Memahami  struktur  teks,  unsur kebahasaan,  dan  pesan  moral lagu  tembang  macapat  dan kreasi secara lisan dan tulis.

4.5  Melagukan  dan  mengungkapkan pesan  tembang  macapat dan lagu kreasi.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca atau mendengarkan teks tembang kreasi, siswa dapat

1.      menyimpulkan pesan moral dalam tembang kreasi baru dengan tepat.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

PESAN MORAL TEMBANG KREASI BARU

Padang Wulan

Yo ‘pra kanca dolanan ing jaba
padhang wulan padhange kaya rina
Rembulane e sing awe-awe
Ngelingake aja padha turu sore

Yo ‘pra kanca dolanan ing jaba
rame-rame kene akeh kancane
Langite pancen sumebyar rina
yo padha dolanan sinambi guyonan


 

 

Lir ilir

 

Lir-ilir, lir-ilir

tandure wis sumilir

Tak ijo royo-royo tak senggo temanten anyar

Cah angon-cah angon penekno blimbing kuwi

Lunyu-lunyu yo penekno kanggo mbasuh dodotiro

Dodotiro-dodotiro kumitir bedhah ing pinggir

Dondomono jlumatono kanggo sebo mengko sore

Mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane

Yo surako… surak hiyo…

                             

 

Cakepan  tembang  Padhang Wulan  ora  liya  lelagon  tembang dolanan  kang  dianggit dening RC Hardjasoebrata lan Lir-Ilir dening Sunan Kalijaga. Tembang  iki  nganti  saiki  isih  ngrembaka  lan  disenengi  meh  kabeh  lapisan masyarakat Jawa. Senajan tembang-tembang iku kalebu tembang dolanan, migunakake ukara prasaja, ananging duweni pitutur kang menthes.

Padhang Wulan tuladhane ngandhut pitutur utawa pesan moral antarane ngajari supaya bocah-bocah kenal lan ngggatekake marang alam sekitar wiwit cilik kanthi bebarengan karo kancane. Tembang Padhang Wulan iku uga ngandhut pitutur kang isine ngelingake supaya awake tansah bersyukur marang kaendahan alam. Kanggo mujudake rasa syukur iku, pangarepe aja turu sore-sore. Waktune bisa kanggo kekancan bebarengan utawa kanggo ngibadah bengi.

Dene tembang Lir-Ilir uga ngandhut pitutur luhur kang menthes.  Saka tembang iki, panganggit ngelingake supaya awake kudu ngati-ati nalika ngayahi urip ing dunya iki. Awake kudu tansah lelaku  becik lan ninggalake maksita supaya ora muspra sing dilakoni nalika isih diwenehi kajembaran wektu lan kesempatan.

Isih  akeh  pitutur  luhur  kang  bisa  didhudhah  saka  tembang  dolanan  lan tembang  kreasi  liyane.  Saben  cakepan  bisa  dionceki  mungguh  tuladha pakarti  lan  pitutur  kang  migunani  tumrap  panguripan.  Ora  mung  budi pakarti,  nanging  uga  ilmu  pengetahuan  werna-werna  kang  disajekake kanthi  entheng  lan  nyenengake.  Cocog  karo  jenenge  tembang  dolanan, isine bisa kanggo suka parisuka.

 

GLADHEN

1.      Goleka tuladha tembang dolanan 1 wae, banjur salinen!

2.      Purwakanthi apa bae kang tinemu ing cakepan tembang kasebut? Jlentrehna!

3.      Jelasna pitutur luhur kang kinandhut ing tembang kasebut!

4.      Tugas dikirim ing link ngisor iki


7A https://forms.gle/gAn12NP2BRz8hVaq9

7B https://forms.gle/2xYyjJuf7a5JfN8C7

7C https://forms.gle/j6SDsBAbKk2EXi2g9

7D https://forms.gle/iufkqg4jTaGQ55KX6


 

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...