Kamis, 23 Juli 2020

TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF


Pantai Teleng Ria

PERTEMUAN 1

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1   Memahami teks hasil observasi, tanggapan deskriptif, dan eksposisi dalam bentuk informasi atau berita secara lisan dan tulis

4.1   Menelaah dan menyunting teks hasil observasi, tanggapan deskriptif, dan eksposisi dalam bentuk informasi atau berita secara lisan dan tulis


B.     TUJUAN

Setelah membaca teks dheskriptif, siswa dapat

1.      menentukan isi dari teks dheskriptif dengan cermat.

2.      menentukan struktur teks dheskriptif dengan tepat secara mandiri.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks kang isine nggambarake objek kanthi gamblang lan rinci. Tuladhane objek kang bisa didheskripsikake, kayata panggonan, omah, barang, kahanan, lan sakpiturute.

    Tujuan teks tanggapan dheskriptif yaiku kanggo njlentrehake, nerangake sawenehe objek marang sing maca saengga wog sing maca kaya-kaya melu ngrasakake, ngrungokake, ndeleng, utawa alami tumrap apa wae sing wis didheskripsikake dening penulise.

   Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungu marang (tumrap) objek tartamtu lan nalika maca kaya-kaya weruh lan ngrasakake dhewe objek sing diwaca.

Ing ngisor iki ciri-ciri teks tanggapan dhekriptif. 

1.      Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancaindra

2.  Tujuane supaya wog sing maca kaya-kaya melu ngasakake utawa ndeleng dewe marang objek kang didheskripskake.

3.      Objek diterangake kanthi rinci lan jelas.

STRUKTUR TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

Teks tanggapan dheskriptif iku dibagi dadi 3 perangan, yaiku idhentifikasi, klasifikasi/dhefinisi, lan dheskripsi bagean.

  • Idhentifikasi, yaiku perangan utawa bagean kang nerangakae titikan (ciri), tandha, lan sapiturute.
  • Klasifikasi, yaiku perangan utawa bagean kang ngelompokake manut jinis utawa kelompoke.
  • Dheskripsi bagean, yaiku perangan kang nerangake gegambaran kang luwih rinci.

TULADHANE TEKS TANGGAPAN DHESKTIPTIF 

CANDHI BARABUDHUR

Candhi Barabudhur mujudake candhi Buddha kang digawe ing abad IX dening Raja Semaratungga sing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka wangsa Syailendra. Candhi iki minangka candhi Buddha gedhe dhewe sejagat. Prenahe Candhi Borobudhur dumunung ana ing sakidul kulone Kutha Muntilan Kabupaten Magelang Jawa Tengah.

Idhentifikasi

Candhi Barabudhur dumadi saka 9 tataran, yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Buda cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Buda lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong.

Klasifikasi

Tekan saiki, Candhi Barabudhur isih dadi papan tirakat. Wong-wong Buddha padha ngrayakake Wesak ing candhi iki saben tahun. Candi Barabudhur uga wis kondhang kaloka dadi papan wisata kang gawe gumun turis Indonesia lan mancanegara.

Dheskripsi bagean

(http://www.jawalogger.com/2017/11/contoh-teks-deskripsi-bahasa-jawa-tentang-candi-borobudur.html)

UNSUR BASA TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

1.      Swara Jejeg lan Miring

Swara jejeg uga diarani swara sampurna. Swara jejeg iku swara kang durung owah saka asale, kajaba aksara /a/. Dene swara miring iku swara kang wis owah saka asale.

 

Swara (vokal)

Jejeg

Miring

a

Nata

Gambar

bata

Pasar

i

Mili

Putih

Siji

Mulih

u

Buku

Balung

Paku

Sarung

e

Sate

Bebek

Lele

Golek

e pepet

Peteng, mendung, lan sapanunggale

o

Soto

Kolong

Loro

Bolong

    

 




















UJI KOMPETENSI


Supaya luwih mangerteni materi babagan cerkak, kerjakno gladhen kanthi klik link ing ngisor iki!


GLADHEN 1 TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF








 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...