Selasa, 24 November 2020

TEMBANG KREASI BARU



PERTEMUAN 11

A.     KOMPETENSI DASAR

3.5  Memahami  struktur  teks,  unsur kebahasaan,  dan  pesan  moral lagu  tembang  macapat  dan kreasi secara lisan dan tulis.

4.5  Melagukan  dan  mengungkapkan pesan  tembang  macapat dan lagu kreasi.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca atau mendengarkan teks tembang kreasi, siswa dapat

1.      mengidentifikasi  jenis-jenis  tembang kreasi dengan tepat.

2.      mengidentifikasi struktur dari setiap teks tembang kreasi dengan tanggung jawab.

3.      mengidentifikasi unsur kebahasaan dari setiap teks tembang kreasi kehidupan secara cermat.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

TEMBANG KREASI BARU

KUNCUNG

(Anggitane Ranto Edi Gudel/

Dipopulerake dening Didi Kempot)

cilikanku rambutku dicukur kuncung

kathokku saka karung gandum

klambiku warisane mbah kakung

sarapanku sambel korek sega jagung

kosokan watu neng kali nyemplung ing kedhung

jaman dhisik durung usum sabun …,

(pabrike rung dibangun)

andhukku mung cukup andhuk sarung

dolananku montor cilik saka lempung

bis holopis kuntul baris

rekasane saiki wis

bis holopis kuntul baris

gegere gek mbok ndang uwis

tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)

aku dikudang suk yen gedhe dadi dhokter

tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)

bareng wis gedhe aku disuntik bu dhokter

ha na ca ra ka

iki crita jaman semana

da ta sa wa la

iki crita saka wong tuwa

 

Cakepan  tembang  ing  dhuwur  ora  liya  lelagon  campursari  kang  dianggit Ranto  Edi  Gudel  lan  dipopulerake  dening  Didi  Kempot  kang  asma  asline  Didi Prasetyo. Langgam campursari mujudake  salah sijine  tembang utawa lelagon kreasi. Tembang  iki  nganti  saiki  isih  ngrembaka  lan  disenengi  meh  kabeh  lapisan masyarakat.

Tembang  utawa  lelagon  kreasi  ora  mung  wujud  langgam  campursari, nanging uga isih ana tembang dolanan.Tembang dolanan iku jinis tembang kreasi gagrag  anyar  sing  ora  nganggo  paugeran  guru  gatra,  guru  lagu,  lan  guru wilangan.  Tembang  dolanan  lumrahe  ditembangake  dening  bocah-bocah cilik, utamane  ing  padesan,  sinambi  dolanan  bebarengan  karo  kanca-kancane  lan  bisa dibarengi  wiramaning  gendhing.  Lumantar  tembang  dolanan,  bocah-bocah ditepungake  bab  sato  kewan,  sato  iwen,  thethukulan,  tetanduran,  bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane.

Tembang  dolanan  uga  kena  kanggo  ngundhakake  pendhidhikan  budi pekerti. Tembang iki akeh ngemot pitutur luhur kang bisa kanggo patuladhan urip ing  alam  donya.  Wulangan  budi  pekerti  lumantar  tembang  luwih  gampang disenengi  bocah   tinimbang  sarana  ceramah,  jalaran  bocah  malah  ora  pati nggatekake. Tuladhane tembang Dolanan, kayata jamuran, lir ilir, lan sapiturute.

 

STRUKTUR TEMBANG KREASI BARU

Teks tembang  kreasi  anyar  kuwi strukture  bebas, ora ana kang pasthi.  Nanging  amarga  wujude  tembang, tembang kreasi anyar nduweni titi laras lan cakepan.

1.      Titi Laras

Titi  laras  iku uga diarani tangga  nada.  Asale saka  tembung  titi  kang  ateges  angka,  tulis,  notasi,  utawa  lambang  lan laras  tegese  susunan  nada.  Dadi  titi  laras  iku  notasi  tulis,  huruf,  angka  utawa lambang kang nuduhake laras tartamtu.

Titi laras, utawa cukup diucapake laras, kaperang dadi loro, yaiku:

a.       Laras slendro

‟Slendro‟  iku  salah  sijine  laras  ing  gamelan.  Kang dadi titikane lasras slendro, yaku ana 5 swara kang dumadi saka swara    1 2 3 5 6 (diwaca : ji ro    lu    ma    nem).    Laras   slendro  ora  ana  swara  4  (papat)  karo  7 (pitu).  Tuladhane tembang Cublak-cublak Suweng.

 


 b.      Laras pelog

Laras pelog iku nduweni   7 swara. Dumadi  saka 1 2 3 4 5 6 7 (  diwaca ji    ro  lu pat ma nem pitu).  Tuladhane tembang Gundhul Pacul.

                                                        

 


  

2.      Cakepan,  yaiku  naskah,  teks,  utawa  syaire  tembang  kreasi.  Cakepan  tembang  iki  sejatine  ora  beda  karo  wangun  geguritan  kang  banjur dilagokake.

 

UNSUR BASA TEMBANG KREASI ANYAR

Unsur basa sing digunakake ing tembang kreasi anyar, yaiku basa rinengga kang arupa purwakanthi. Purwakanthi istilah linguistike diarani  aliterasi,  yaiku unen-unen utawa ukara kang  runtut  swara,  sastra,   utawa  basane.  Dadi purwakanthi bisa  digolongake  dadi  telu kaya ing ngisor iki.

1.      Purwakanthi  guru swara (asonansi)

Purwakanti guru swara, yaiku purwakanthi kang  runtut  ing swarane (aksara swara/huruf vokal).

Tuladha:

v  Ana dina, ana upa

v  Bareng wis makmur, lali marang sedulur

v  Esuk dhele sore tempe

2.      Purwakanthi guru sastra (aliterasi)

Purwakanthi guru sastra, yaiku purwakanthi kang  runtut  sastrane  utawa tulisane. Purwakanthi  guru  sastra  titikane  dideleng saka runtute  susunan konsonan  ing  tetembungan  utawa  ukara  sing  digunakake.

Tuladha:

v  Sluman, slumun, slamet.

v  Tatag, teteg bakal tutug.

v  Tindak-tanduk  lan  tutur  kang  kalantur,  tamtu  katula-tula  katali,  bakal kacatur, katutuh, kapatuh, pan dadi awon.

3.      Purwakanthi guru basa/ purwakanthi lumaksita.

Purwakanthi guru basa, yaiku dene yen runtut basane diarani purwakanthi guru basa  utawa  lumaksita.  Purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana mburine.

Tuladha:

v  Asung bekti, bektine kawula marang Gusti.

v  Nandang lara, laraning wong lara lapa.

v  Kepingin tuku buku, bukune wis entek.

 

 


 

Senin, 16 November 2020

TEKS CRITA WAYANG



PERTEMUAN 10

A.     KOMPETENSI DASAR

3.3  Memahami  struktur  teks,  unsur kebahasaan,  dan  pesan  moral  dari teks  lisan  dan  tulis  yang  berupa fiksi  (wayang/cerkak/folklor/topѐng ḍhâlâng).

4.3  Mengapresiasi teks fiksi (wayang/cerkak/folklor/topèng ḍhâlâng) sesuai konteks  secara lisan dan tulis.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks dheskriptif, siswa dapat

1.      menyimpulkan pesan  moral  teks wayang/topѐng ḍhâlâng dengan tepat.

2.      merelevansikan pesan  moral  teks wayang/topѐng  ḍhâlâng  dengan kehidupan secara cermat.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

NILAI MORAL ING TEKS CRITA WAYANG

Crita wayang kuwi salah sijine bentuk sastra Jawa kang saiki wes jarang digelar ing satengahe masyarakat. Senajan mangkana, crita wayang kuwi duweni nilai budi pekerti utawa pesan moral kang cocog kanggo nggambarake kehidupane masyarakat. Ing ngisor iki bakal dijlenterahake babagan pesan moral ing crita wayang lan relevansi isine karo jaman saiki.

1.      Nilai budi pekerti/pesan moral

Nilai budi pekerti utawa pesan moral bisa dijupuk saka isine wacan kanthi jingglengi watak  lan  perilakune  paraga  ing  wacan.  Tuladhane: 

a.       Kasetyane  Karna  marang  Duryudana  minangka  wujud  bales  budi, maksude dadi wong aja lali marang kabecikane liyan lan diupayakake bisa males  budi.

b.      Kasanggupane  Arjuna  dadi  senopati  perang  mbelani negarane,  maksude  saben  warga  negara  kuwi  wajib  mbelani  negarane ing kahanan apa bae, bukti saka bektine.

2.      Relevansi isi crita karo kahanan jaman saiki.

Wacan  crita  wayang  ing  dhuwur  mung  salah  siji  saka  maewu-ewu  crita sing isih ngrembaka ing satengahing masyarakat Jawa. Mligi crita wayang kuwi wujud wewayangane (bayangan/gambaran; BI) wong urip ing alam donya.  Wewayangan  dudu  sejarah.  Slaras  lan  fungsi  crita  wayang minangka  sarana  kanggo  nuduhake  gegambarane  patrap  lan  perilakune manungsa, sarta akibat saka patrap lan perilakune tumrap awake dhewe, wong liya, lan bebrayan agung.

Tuladhane:

Ø  “Perange  Pandhawa  lan  Kurawa  kuwi  amarga  padha  rebutan  drajad, pangkat  lan  semat”,    kahanan  kaya  ngono  kuwi   ing  jaman  saiki  akeh banget tuladhane.

Ø  “Ibu Kunthi sing tega ninggal putrane Karna”, ing jaman saiki malah akeh banget  prastawa  sing  padha,  ibu  ninggal  anak,  ibu  tega  mbuwang  anak lan sapanunggalane.

 

GLADHEN

SUMANTRI NGENGER

Ing  sajabane  padhepokan  Arga  Sekar  isih  repet-repet,  angin  esuk  krasa seger  banget,  Resi  Suwandagni  wis  katon  lenggah  sila  ing  pendhapa  cecawis ubarampene  sesembahan,  mapag  sumoroting  sang  bagaskara  ing  bang  wetan direwangi  putrane  Bambang  Sumantri  banjur  diterusake  sembah  puja  konjuk Sang  Hyang  Widhi,  lumantar  Dewa  Surya  ing  sanggar  pamujan.  Resi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro  mau  wineleg  ing  samubarang  kagunan,  lan  guna  kasekten  sing  padha. Bedane, Bambang Sumatri  tinakdir  pinangka satriya kang bagus rupane  lan  alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang.

”Bapa  kepareng  kula  matur?”  Sumantri  miwiti  wawan  rembug  ing antarane bapa putra, sarampunge sembah puja.

”Oleh anakku, matura, ana apa?”  pangandikane Resi Suwandagni sareh, karo ngingset anggone lenggah madhep putrane.

”Inggih  bapa  matur  nuwun,  makaten  bapa  sampun  antawis  dangu  kula anggadhahi  krenteg  badhe  nyuwita  dhateng  ratu  gusti  ing  kraton  Mahespati.” Sumantri matur ramane kanthi tatag.

”Yen  pancen  wis  gilig  tekadmu,  bapa  amung  paring  pangestu  bae, dakkira ya wis cukup pawitanmu, guna kasekten, olah  kanuragan, kagunan ilmu wedha sing wis dakparingake. Saiki age samektakna ajaken adhimu Sukrasana, sapa  ngerti  butuh  bebantu,”  pangandikane  Resi  Suwandagni  karo  menyat jumeneng.

”Inggih  Bapa  sedaya  sampun  samekta,  ananging  kula  boten  saged ngajak adhi Sukrasana, benjang menawi sampun katampi panyuwitan  kula, adhi Sukrasana  kula  papagipun,  kula  nyuwun  pangestu  sapunika  ugi  kula  bidhal” Sumantri atur sembah pangabekti sarta nyuwun pangestu.

”Iya  Sumantri,  yen  ngono  karepmu  budhala,  pangestuku  tansah njampangi  lakumu.”  Karo  ngelus  pundhake  putrane,  pangandikane  Resi Suwandagni krasa ana geter sanajan tan  ana tumetesing  waspa.  Sumantri ageage budhal, metu regoling padhepokan tanpa tumoleh.

Tan  kocapa,  ing  gandhok  tengah  Sukrasana  ngrungokake  kabeh pangandikane ramane lan kakange. Ora ndadak ngenteni weruh kakange budhal Sukrasana nututi lakune Sumantri lan tansah ngulati saka kadohan.

Sumantri  katrima  panyuwitane  marang  Prabu  Arjuna  Sasrabahu  yen  ta bisa  minangkani  pamundhute  Sang  Prabu,  yaiku  nglamarake  Dewi  Citrawati  ing negara  Magada.  Sumantri  nyaguhi,  sawise  nyuwun  palilah  enggal  budhal menyang negara Magada.

Negara  Magada  wis  kinepung  wakul  binaya  mangap  dening  raja  sewu negara  sing  atekad  nglebur  negara  Magada  amarga  Prabu  Citrawijaya  durung paring  wangsulan  ngenani  panglamare  marang  Dewi  Citrawati.  Mulane  tekane Sumantri  tiba  kebeneran,  Prabu  Citrawirya  kersa  nampa  panglamare  Prabu Arjuna  Sasrabahu,  yen  Sumantri  bisa  ngalahake  raja  sewu  negara  kang  nedya nglebur  negara  Magada.  Sumantri  nyaguhi.  Sumantri  sing  sekti  mandra  guna, tan  tedhas  tapak  palune  pandhe  sisane  gurinda,  tanpa  kangelan  bisa  nelukake raja sewu negara.

Dewi  Citrawati  sida  kaboyong  ing  negara  Mahespati  kasowanake  Prabu Arjuna Sasrabahu.

”Sinuwun  Prabu  Arjuna  Sasrabahu,  kawula  sowan  ing  ngarsa panjenengan  boten  ateges  sagah  dados  garwa  paduka,  awit  ingkang  mimpang wonten  ing  perang  lawan  raja  sewu  negara  Bambang  Sumantri,  samesthinipun ingkang  dados  jatukrama  kula  inggih  pun  Sumantri,   pramila  menawi  paduka taksih  ngersakaken  kawula  dodas  garwa  paduka  kawula  anggadhahi  tigang punagi.  Punagi  ingkang  kapisan,  panjenengan  kedah  saged  tandhing  yuda kalawan  Sumantri,  punagi  ingkang  nomer  kalih  lan  tiga  kula  aturaken  menawi panjenengan  sampun  mimpang  tandhing  yuda.”  Ngendikan  mangkono  Dewi Citrawati sinambi mbalang liring marang Sumantri.

”Oh  ngono  iya  dakturuti  kersamu  Dewi.  Bambang  Sumantri  enggalenggala samekta ayo tandhing  yuda ing  alun-alun,”  pangandikane Prabu  Arjuna Sasrabahu  marang  Sumantri.  Sumantri  amung  sendika  dhawuh.  Cekaking  crita amarga  padha  sekti  mandraguna,  tandhing  yuda  ora  ana  rampunge.  Prabu Arjuna  Sasrabahu  enggal  tiwikrama  kanggo  mungkasi  bandayuda.  Sumantri ngrumangsani, banjur nyerah kalah.

Punagine  Dewi  Citrawati  sabanjure  sing  nomer  2,  nyuwun  diiringi  40 widodari  putri  domas  lan  gamelan  lokananta  ing  adicara  temu  penganten,  lan sing  nomer  3  nyuwun  diboyongake  taman  Sriwedari  saka  kahyangan.  Prabu Arjuna  Sasrabahu  paring  parentah  marang  Sumantri  supaya  enggal  mujudake pamundhute Dewi Citrawati. Sumantri budhal, ananging ora ngerti apa sing kudu ditindakake.

”Kakang  Sumantri  aja  kuwatir,  aku  sing  bakal  minangkani  pamundhute Dewi  Citrawati,  kakang  ngenteni  ana  kene  bae  sesuk  mesthi  bisa  kaleksanan kabeh.” Sumantri kaget weruh adhine Sukrasana wis ana ing ngarepe.

”Sukrasana  adhiku,  matur  nuwun  pambiyantumu,  iya  dakanti  ana  kene muga-muga kasil.”

Sesuke  wis  sumadiya  40  widodari  dadi  putri  domas  lan  gamelan lokananta  minangka  pengiring  temanten,  semono  uga  taman  Sriwedari  wis pindah  saka  Kahyangan  Untarasegara  menyang  tamansarine  negara  Mahespati.Saka  banget  marem  lan  sukane  Sang  Prabu  ora  mung  nrima  panyuwitane Bambang  Sumantri  nanging  malah  kepara  antuk  kanugrahan sinengkakake minangka patih, kanthi asma patih Suwanda.

 

1.      Wacanen teks “Sumantri Ngenger“ ing dhuwur kanthi permati!

2.      Tentokno budi pekerti/pesan moral kang ana in sajronig crita wayang kasebut!

3.      Banjur golekana relevansi isi crita karo kahanan jaman saiki!

4.      Tugas dikirim ing link ngisor iki.


7A https://forms.gle/XrB6Cp8HgApTfMt68


7B https://forms.gle/LNXaGRJfyum1XUBH9


7C  https://forms.gle/ECxwRsUL9Bws24DFA


7D https://forms.gle/tbA3R3jFkhzF62Xo7


 

Jumat, 06 November 2020

TEKS CRITA WAYANG




PERTEMUAN 9

A.     KOMPETENSI DASAR

3.3  Memahami  struktur  teks,  unsur kebahasaan,  dan  pesan  moral  dari teks  lisan  dan  tulis  yang  berupa fiksi  (wayang/cerkak/folklor/topѐng ḍhâlâng).

4.3  Mengapresiasi teks fiksi (wayang/cerkak/folklor/topèng ḍhâlâng) sesuai konteks  secara lisan dan tulis.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks dheskriptif, siswa dapat

1.      menentukan unsur  kebahasaan  teks wayang/ topѐng ḍhâlâng dengan cermat.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

UNSUR BASA TEKS CRITA WAYANG

Ing pasinaon kepungkur, wis disianoni babagan struktur teks crita wayang. Saiki bakal dijlentrehake babagan unsur basa sing digunakake ing teks crita wang, yaiku basa rinengga kang arupa tembung dasanama, tembung entar, tembung saroja, lan tembung garba.  Ana uga unggah-ungguh basa. Supaya  bisa  mbedakake  tembung-tembung  kasebut, gatekno kanthi patitis materi ing  ngisor iki.

 

Ciri Basane Teks Wayang (Teks Narasi)

1.      Cirine  wacan  narasi  mesthi  nganggo  tembung  katrangan  (wektu, panggonan,  kahanan),  tembung  kriya,  lakone  runtut,  migunanake  basa rinengga utawa basa paesan.

Tuladhane:

Perang  Baratayuda  tambah dina  ora mendha (1),  tambah dina,  ateges wis pirang  –  pirang  dina  wektu  kanggo  perang.  (2)  perang,  wujud  tembung kriya sing mbutuhake aksi. Lakone runtut, tegese urut-urutane critane runtut saka wiwitan nganti tekan pungkasan.

2.      Basa rinengga

Basa  rinengga yaiku basa  sing  dipaesi, basa  sing  didandani  supaya dadi luwih  endah.  Carane  ngrengga utawa  ndandani  bisa  kanthi  cara  nganggo  milih  dasanama  sing  luwih  alus utawa  luwih  endah, nganggo tembung  entar,  tembung  saroja,  tembung  garba, lan  sapanunggalane.

Jingglengana jlenterehan basa rinengga ing ngisor iki.

a.       Dasanama yaiku tembung kang nduweni teges luwih saka siji.

Tuladhane:

Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa  lan  Pandhawa.  Ana  sing  bisa  dirukti,  disuceni  lan  disampurnakake, nanging  isih  luwih  akeh  sing  ora  karukti.  Ambu  anyir  ludirane  para  prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan.”

Tembung layon, kunarpa  dasanamane mayit (jenasah)dirukti  dasanamane diopeni, ludira dasanamane getih, rah.

Tuladha liyane:

Ø  Anak           = putra, yoga, sunu, siwi, 

Ø  Bala            = wadya, tantara

Ø  Misuwur    = kaloka, kondhang, kawentar, lan sapiturute.

 

b.      Tembung  entar yaiku  tembung  kang  duwe  teges  ora  salugune/salumrahe. Tuladhane:

”... Kula rumaos boten saged nglajengaken perang punika, ciut manah kula.”

Tembung  ciut  lumrahe  kanggo  barang,  ananging  dianggo  manah/ati,  sing tegese  atine  mamang,  ora  yakin.  Tembung  ciut  manah  kalebu  tembung entar. 

Tuladha  liyane:

Ø  Abang kupinge      = nesu banget 

Ø  Dawa  tangane      = seneng njupuk barange wong liya

Ø  Lunyu ilate       = guneme (omongane) molah malih, mlenca-mlence lan sapanunggalane.

 

c.   Tembung saroja yaiku tembung  loro  meh  padha  tegese  digunakake bebarengan, kanggo mbangetake.

Tuladhane:

”Layone  prajurit  wor  suh  lan  kunarpane  para  pangeran  lan  raja  wadyabala Kurawa lan Pandhawa”

Tembung  wadyabalawadya  tegese  prajurit,  bala  tegese  uga  prajurit.

Tuladha liyane:

Ø  Jalma manungsa

Ø  Adhem ayem

Ø  Abang mbranang, lan  sapanunggalane.

 

d.      Tembung  garba,  yaiku  tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji kanthi nyuda wandane.

Tuladhane:

”...Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandu atetawang tangis  amelas  arsa,  anggetuni  sedane  para  pepundhene  lan  putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.”

Tembung  aneng  asale  saka  ana  +  ing  kang  digarba  kanthi  sandhi swara. Tuladha liyane:

Ø  Jiwangga    = jiwa + angga

Ø  Sinom         = isih + enom

Ø  Priagung    = priya  + agung, lan  sapanunggalane.

 

3.      Unggah-ungguh basa

Unggah-ungguh  basa  iku diperang dadi loro, yaiku ukara kang nganggo tembung krama lan  tembung  ngoko.  Krama  iku ana  loro,  yaiku  krama  alus  lan  krama  lugu, semono  uga    ngoko  uga  ana  loro,  yaiku  ngoko  alus  lan  ngoko  lugu.

a.       Ngoko Lugu

Yaiku ukara kang dumadi saka susunan tembung ngoko kabeh.

Ø  Kanggo guneman marang sapadha utawa wong sing luwih nom

Ø  Tuladha: Ando lunga menyang Solo numpak bis.

b.      Ngoko Alus

Yaiku ukara kang dumadi saka susunan tembung ngoko kacampuran krama alus.

Ø  Sing dikramakake tembung kriya lan sesulih

Ø Kanggo guneman marang wong nom sing diajeni utawa marang wong tuwa sing wis raket.

Ø  Tuladha: Panjenengan tindak menyang Solo nitih bis.

 c.       Krama Lugu

Yaiku ukara kang dumadi saka susunan tembung krama lugu kabeh.

Ø  Kanggo guneman marang sapadaha sing durung raket

Ø  Tuladha: Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?

d.      Krama Alus

Yaiku ukara kang dumadi saka susunan tembung krama alus.

Ø  Kanggo guneman marang  wong tuwa utawa wong sing luwih dhuwur drajade.

Ø  Tuladha: Panjenengan badhe tindak dhateng pundi?

 

 

  GLADHEN


Supaya luwih mangerteni materi babagan kebahasaan teks crita wayang, kerjakno gladhen kanthi klik link ing ngisor iki!


7A    https://forms.gle/HcEkrp5vVjqJ4oau7


7B    https://forms.gle/QZFobuKEXf7BGwVk7


7C    https://forms.gle/dhE72HUSaWhNp25t9


7D   https://forms.gle/M9dibroypwjHt8ndA





 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


 

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...