PERTEMUAN 1
A. KOMPETENSI DASAR
3.5 Memahami struktur teks,
unsur kebahasaan, dan pesan
moral tembang macapat dan
lagu kreasi secara lisan dan tulis.
4.5 Melagukan dan mengungkapkan pesan tembang macapat
dan lagu kreasi.
B. TUJUAN
Setelah membaca atau
mendengarkan tembang macapat, siswa dapat
1. mengidentifikasi jenis-jenis tembang macapat dengan teliti.
2. mengidentifikasikan struktur teks tembang macapat dengan cermat.
C. RINGKASAN MATERI
PUCUNG
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Lekas : wiwit
Kas : trampil
Nyantosani : ora gampang rusak,
kuat
Dur : ala
TEMBANG
MACAPAT
Ing dhuwur wis dicontohne babagan tembang pucung. Ing tembang
iku, ana patang baris. Isine yaiku yen arep golek ilmu kudu dilakoni kanthi
mempeng, ojo gampang cupet ati lan pikirane. Nalika golek ilmu kudu dilakoni
kanthi tulus ikhlas amarga ketulusan budi iku dadi dalan kanggo ngilangi ala
lan bodho.
Tembang pucung iku salah siji jinise tembang macapat. Tembang
macapat, yaiku tembang
tradhisional kang ana ing tanah
Jawa. Diarani tradhisional amarga tembang iku kaiket
dening guru gatra,
guru wilangan, lan
guru lagu. Macapat
tegese maca papat-papat, yaiku
carane maca mandeg
saben patang wanda
(suku kata).
Tembang macapat
iku jinise ana 11. Saben-saben tembang duweni paugeran lan
watak tartamtu.
|
No. |
Jenenge
Tembang |
Watak tembang |
|
1. |
Maskumambang |
Nelangsa,
kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta |
|
2 |
Pucung |
Kendho
tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa
kamempengan. |
|
3. |
Megatruh |
Sedhih
kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun,
nelangsa karanta-ranta. |
|
4. |
Gambuh |
Rumaket,
kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng merga wis keduga, lumrahe
nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket sesrawungane. |
|
5. |
Mijil |
Wetuning
rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan. |
|
6. |
Kinanthi |
Seneng,
tresna, lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara,
gandrung-gandrung. |
|
7. |
Durma |
Galak,
muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo ing carita
perang. |
|
8. |
Pangkur |
Sereng,
kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng. |
|
9. |
Asmaradana |
Sedhih,
sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa asmara, kanggo ing carita kang
medharake asmara. |
|
10. |
Sinom |
Grapyak,
renyah, kanggo sesorah, mituturi. |
|
11. |
Dhandhanggula |
Luwes,
resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo
panutuping karangan kang sinawung ing tembang. |
STRUKTUR TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat iku duweni sruktur utawa paugeran kang
wis ditemtokake. Paugeran ing tembang macapat iku ana telu kaya jlentrehan ing
ngisor iki.
1.
Guru gatra, yaiku cacahing
gatra (larik/baris) kang ana ing saben pada (bait).
2.
Guru wilangan, yaiku cacahing
wanda (suku kata) ing saben gatra.
3.
Guru lagu, yaiku tibaning
swara ing pungkasaning gatra (swara a/ i/ u/ e/ o).
Saka 11 jinise tembang macapat iku, duwe paugeran
dhewe-dhwewe. Supaya luwih mangerteni paugeran saka masing-masing jinise tembang,
gatekno tabel ngisor iki. Tembang ing ngisor iki diurutne miturut cacahe baris.
|
NO. |
JINISE
TEMBANG |
GURU
GATRA |
GURU WILANGAN LAN GURU LAGU |
|||||||||
|
1 |
2 |
3 |
4 |
5 |
6 |
7 |
8 |
9 |
10 |
|||
|
1. |
Maskumambang |
4 |
12i |
6a |
8i |
8a |
|
|
|
|
|
|
|
2 |
Pucung |
4 |
12u |
6a |
8i |
12a |
|
|
|
|
|
|
|
3. |
Megatruh |
5 |
12u |
8i |
8u |
8i |
8o |
|
|
|
|
|
|
4. |
Gambuh |
5 |
7u |
10u |
12i |
8u |
8o |
|
|
|
|
|
|
5. |
Mijil |
6 |
10i |
6o |
10e |
10i |
6i |
6u |
|
|
|
|
|
6. |
Kinanthi |
6 |
8u |
8i |
8a |
8i |
8a |
8i |
|
|
|
|
|
7. |
Durma |
7 |
12a |
7i |
6a |
7a |
8i |
5a |
7i |
|
|
|
|
8. |
Pangkur |
7 |
8a |
11i |
8u |
7a |
12u |
8a |
8i |
|
|
|
|
9. |
Asmaradana |
7 |
8i |
8a |
8e/o |
8a |
7a |
8u |
8a |
|
|
|
|
10. |
Sinom |
9 |
8a |
8i |
8a |
8i |
7i |
8u |
7a |
8i |
12a |
|
|
11. |
Dhandhanggula |
10 |
10i |
10a |
8e |
7u |
91 |
7a |
6u |
8a |
12i |
7a |
Saliyane
kaiket guru gatra,
guru wilangan, lan
guru lagu, tembang macapat uga
nduweni titilaras lan
cakepan. Titi laras,
utawa cukup diucapke laras, kaperang dadi loro, yaiku
laras slendro lan laras pelog. Kang
dadi titikane lasras slendro, yaiku ana 5 swara kang dumadi saka swara 1 2 3 5 6, ora ana
swara 4 (papat)
karo 7 (pitu). Laras pelog iku nduweni 7 swara. Dumadi saka 1 2 3 4 5 6 7. Cakepan, yaiku naskah,
teks, utawa syaire
tembang macapat. Cakepan tembang iki
sejatine ora beda
karo wangun geguritan.
TULADHA WANGUN STRUKTUR TEMBANG MACAPAT


Tidak ada komentar:
Posting Komentar