PERTEMUAN 10
A.
KOMPETENSI DASAR
3.3 Memahami struktur
teks, unsur kebahasaan, dan
pesan moral dari teks
lisan dan tulis
yang berupa fiksi (wayang/cerkak/folklor/topѐng ḍhâlâng).
4.3 Mengapresiasi teks fiksi (wayang/cerkak/folklor/topèng
ḍhâlâng) sesuai konteks secara lisan dan
tulis.
B.
TUJUAN
Setelah
membaca teks dheskriptif, siswa dapat
1.
menyimpulkan pesan moral
teks wayang/topѐng ḍhâlâng dengan tepat.
2.
merelevansikan pesan moral
teks wayang/topѐng ḍhâlâng dengan kehidupan secara cermat.
C.
RINGKASAN MATERI
NILAI
MORAL ING TEKS CRITA
WAYANG
Crita wayang kuwi salah sijine bentuk
sastra Jawa kang saiki wes jarang digelar ing satengahe masyarakat. Senajan mangkana,
crita wayang kuwi duweni nilai budi pekerti utawa pesan moral kang cocog kanggo
nggambarake kehidupane masyarakat. Ing ngisor iki bakal dijlenterahake babagan
pesan moral ing crita wayang lan relevansi isine karo jaman saiki.
1.
Nilai budi pekerti/pesan
moral
Nilai budi pekerti utawa pesan moral bisa dijupuk
saka isine wacan kanthi jingglengi watak
lan perilakune paraga
ing wacan. Tuladhane:
a.
Kasetyane Karna
marang Duryudana minangka
wujud bales budi, maksude dadi wong aja lali marang
kabecikane liyan lan diupayakake bisa males
budi.
b.
Kasanggupane Arjuna
dadi senopati perang
mbelani negarane, maksude saben
warga negara kuwi
wajib mbelani negarane ing kahanan apa bae, bukti saka
bektine.
2.
Relevansi isi crita karo
kahanan jaman saiki.
Wacan
crita wayang ing
dhuwur mung salah
siji saka maewu-ewu
crita sing isih ngrembaka ing satengahing masyarakat Jawa. Mligi crita
wayang kuwi wujud wewayangane (bayangan/gambaran; BI) wong urip ing alam donya. Wewayangan
dudu sejarah. Slaras
lan fungsi crita
wayang minangka sarana kanggo
nuduhake gegambarane patrap
lan perilakune manungsa, sarta
akibat saka patrap lan perilakune tumrap awake dhewe, wong liya, lan bebrayan
agung.
Tuladhane:
Ø “Perange
Pandhawa lan Kurawa
kuwi amarga padha
rebutan drajad, pangkat lan
semat”, kahanan kaya
ngono kuwi ing
jaman saiki akeh banget tuladhane.
Ø “Ibu Kunthi sing tega ninggal putrane Karna”, ing
jaman saiki malah akeh banget
prastawa sing padha,
ibu ninggal anak,
ibu tega mbuwang
anak lan sapanunggalane.
GLADHEN
SUMANTRI NGENGER
Ing sajabane
padhepokan Arga Sekar
isih repet-repet, angin
esuk krasa seger banget,
Resi Suwandagni wis
katon lenggah sila
ing pendhapa cecawis ubarampene
sesembahan, mapag
sumoroting sang bagaskara ing
bang wetan direwangi putrane
Bambang Sumantri banjur
diterusake sembah puja
konjuk Sang Hyang Widhi,
lumantar Dewa Surya
ing sanggar pamujan.
Resi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan
Sukrasana. Putra loro mau wineleg
ing
samubarang kagunan, lan guna kasekten sing
padha. Bedane, Bambang Sumatri tinakdir
pinangka satriya kang bagus rupane
lan alus solah bawane, suwalike
Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang.
”Bapa kepareng
kula matur?” Sumantri
miwiti wawan rembug
ing antarane bapa putra, sarampunge sembah puja.
”Oleh
anakku, matura, ana apa?” pangandikane
Resi Suwandagni sareh, karo ngingset anggone lenggah madhep putrane.
”Inggih bapa
matur nuwun, makaten
bapa sampun antawis dangu
kula anggadhahi krenteg badhe nyuwita
dhateng ratu gusti
ing kraton Mahespati.” Sumantri matur ramane kanthi
tatag.
”Yen pancen
wis gilig tekadmu,
bapa amung paring
pangestu bae, dakkira ya wis
cukup pawitanmu, guna kasekten, olah kanuragan, kagunan ilmu wedha sing wis
dakparingake. Saiki age samektakna ajaken adhimu Sukrasana, sapa ngerti
butuh bebantu,” pangandikane
Resi Suwandagni karo
menyat jumeneng.
”Inggih Bapa
sedaya sampun samekta,
ananging kula boten
saged ngajak adhi Sukrasana, benjang menawi sampun katampi panyuwitan kula, adhi Sukrasana kula papagipun, kula
nyuwun pangestu sapunika
ugi kula bidhal” Sumantri atur sembah pangabekti sarta
nyuwun pangestu.
”Iya Sumantri,
yen ngono karepmu
budhala, pangestuku tansah njampangi lakumu.”
Karo ngelus pundhake
putrane, pangandikane Resi Suwandagni krasa ana geter sanajan
tan ana tumetesing waspa. Sumantri ageage budhal, metu regoling
padhepokan tanpa tumoleh.
Tan kocapa,
ing gandhok tengah
Sukrasana ngrungokake kabeh pangandikane ramane lan kakange. Ora
ndadak ngenteni weruh kakange budhal Sukrasana nututi lakune Sumantri lan
tansah ngulati saka kadohan.
Sumantri katrima
panyuwitane marang Prabu
Arjuna Sasrabahu yen ta
bisa minangkani pamundhute
Sang Prabu, yaiku
nglamarake Dewi Citrawati
ing negara Magada. Sumantri
nyaguhi, sawise nyuwun
palilah enggal budhal menyang negara Magada.
Negara Magada
wis kinepung wakul binaya
mangap dening raja
sewu negara sing atekad
nglebur negara Magada
amarga Prabu Citrawijaya
durung paring wangsulan ngenani
panglamare marang Dewi
Citrawati. Mulane tekane Sumantri tiba
kebeneran, Prabu Citrawirya
kersa nampa panglamare
Prabu Arjuna Sasrabahu, yen
Sumantri bisa ngalahake
raja sewu negara
kang nedya nglebur negara
Magada. Sumantri nyaguhi.
Sumantri sing sekti mandra
guna, tan tedhas
tapak palune pandhe
sisane gurinda, tanpa
kangelan bisa nelukake raja sewu negara.
Dewi Citrawati
sida kaboyong ing
negara Mahespati kasowanake
Prabu Arjuna Sasrabahu.
”Sinuwun Prabu
Arjuna Sasrabahu, kawula
sowan ing ngarsa panjenengan boten
ateges sagah dados
garwa paduka, awit
ingkang mimpang wonten ing
perang lawan raja
sewu negara Bambang
Sumantri, samesthinipun ingkang dados jatukrama kula
inggih pun Sumantri,
pramila menawi paduka taksih
ngersakaken kawula dodas
garwa paduka kawula
anggadhahi tigang punagi.
Punagi ingkang kapisan,
panjenengan kedah saged
tandhing yuda kalawan Sumantri,
punagi ingkang nomer
kalih lan tiga
kula aturaken menawi panjenengan sampun
mimpang tandhing yuda.”
Ngendikan mangkono Dewi Citrawati sinambi mbalang liring marang Sumantri.
”Oh ngono
iya dakturuti kersamu Dewi.
Bambang Sumantri enggalenggala samekta ayo tandhing yuda ing
alun-alun,” pangandikane
Prabu Arjuna Sasrabahu marang
Sumantri. Sumantri amung
sendika dhawuh. Cekaking
crita amarga padha sekti mandraguna, tandhing
yuda ora ana rampunge.
Prabu Arjuna Sasrabahu enggal
tiwikrama kanggo mungkasi
bandayuda. Sumantri ngrumangsani,
banjur nyerah kalah.
Punagine Dewi
Citrawati sabanjure sing
nomer 2, nyuwun
diiringi 40 widodari putri
domas lan gamelan
lokananta ing adicara
temu penganten, lan sing
nomer 3 nyuwun
diboyongake taman Sriwedari
saka kahyangan. Prabu Arjuna
Sasrabahu paring parentah
marang Sumantri supaya
enggal mujudake pamundhute Dewi
Citrawati. Sumantri budhal, ananging ora ngerti apa sing kudu ditindakake.
”Kakang Sumantri
aja kuwatir, aku
sing bakal minangkani
pamundhute Dewi Citrawati, kakang
ngenteni ana kene
bae sesuk mesthi
bisa kaleksanan kabeh.” Sumantri
kaget weruh adhine Sukrasana wis ana ing ngarepe.
”Sukrasana adhiku,
matur nuwun pambiyantumu,
iya dakanti ana kene muga-muga kasil.”
Sesuke wis
sumadiya 40 widodari
dadi putri domas
lan gamelan lokananta minangka
pengiring temanten, semono
uga taman Sriwedari
wis pindah saka Kahyangan
Untarasegara menyang tamansarine
negara Mahespati.Saka banget
marem lan sukane
Sang Prabu ora
mung nrima panyuwitane Bambang Sumantri
nanging malah kepara
antuk kanugrahan sinengkakake minangka patih, kanthi asma
patih Suwanda.
1.
Wacanen teks “Sumantri
Ngenger“ ing dhuwur kanthi permati!
2.
Tentokno budi pekerti/pesan
moral kang ana in sajronig crita wayang kasebut!
3.
Banjur golekana relevansi isi
crita karo kahanan jaman saiki!
4.
Tugas dikirim ing link ngisor iki.
7A https://forms.gle/XrB6Cp8HgApTfMt68
7B https://forms.gle/LNXaGRJfyum1XUBH9
7C https://forms.gle/ECxwRsUL9Bws24DFA

Tidak ada komentar:
Posting Komentar