PERTEMUAN 8
A.
KOMPETENSI DASAR
3.3 Memahami struktur
teks, unsur kebahasaan, dan
pesan moral dari teks
lisan dan tulis
yang berupa fiksi (wayang/cerkak/folklor/topѐng ḍhâlâng).
4.3 Mengapresiasi teks fiksi (wayang/cerkak/folklor/topèng
ḍhâlâng) sesuai konteks secara lisan dan tulis.
B.
TUJUAN
Setelah
membaca teks dheskriptif, siswa dapat
1.
menjelaskan struktur teks
wayang/topѐng ḍhâlâng dengan tepat.
C.
RINGKASAN MATERI
KARNA TANDHING
Perang Baratayuda
tambah dina ora mendha,
ananging tansaya sengit
lan nggegirisi. Layone prajurit
wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja
wadyabalaKurawa lan Pandhawa.
Ana sing bisa
dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging
isih luwih akeh sing
ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur
bawur bangere bathang kewan tunggangan.
Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah
Pandhu atetawang tangis amelas
arsa, anggetuni sedane
para pepundhene lan
putra-putrane sing dadi bantening
perang Baratayuda.
”Adhimas Prabu
Yudhistira, sasurute Abimanyu,
Drestajumena lan para senopati liyane, sliramu kudu enggal
milih salah siji saka para kadang
Pandhawa dadi senopatine perang.”
Prabu Kresna mecah tangising
para kadang Pandhawa.
”Kaka Prabu,
kula rumaos boten
saged nglajengaken perang
punika, raosing ciut manah kula,
sampun boten kuwawa
nandhang dhuhkita tinilar pawongan ingkang kinasih, punapa
malih milih para kadang Pandhawa minangka senopati lajeng
mangke pralaya ing
palagan, sanajan kula
mangertos sedaya punika wujud
darmaning satriya.” Yudhistira
matur marang Kresna
isih karo swara lirih cinandhet
ing gurung.
”Ora
Yudhistira, perang kudu terus lumaku, yen sliramu ora bisa netepake sapa sing
kudu dadi senopati,
aku minangka penasehat
perang saka Pandhawa netepake Arjuna
sing kudu dadi
senopati, amarga Kurawa
wis netepake Ratu Awangga
Karna minangka senopati.”
Kagyat Sang Arjuna,
njenggirat, angusap waspa.
”Kaka Prabu,
kados pundi anggen
kula badhe nglampahi
aben ajeng ing madyaning palagan
kaliyan kadang sepuh
pribadi, kula boten
sagah kaka Prabu.”
”Arjuna elinga
iki dudu perkara
sedulur apa dudu
sedulur, perang Baratayuda iki
wujud perang antara bebener lan kamurkan, perang mbelani hak, lan ngayahi
kewajiban, mbelani jejeging
nagara, wis samesthine
ora ana tidhatidha,
nglabuhi nagara nganti
pecahing dhadha wutahing
ludira minangka darmaning satriya
sejati. Karna sanajan
sedulur tuwa sing
kebeneran dadi mungsuhmu, ing
perang Baratayuda iki
uga netepi darmaning
satriya, males budi marang
pawongan lan nagara
sing sasuwene iki
wis menehi kamulyanuripe. Karna
uga duwe rasa
pangrasa kaya sliramu, ananging ngemban
jejibahan lan males
budi luwih wigati. Coba
yen nganti sliramu
ora enggal maju
apa ora muspra anggone
para raja wadyabala
Pandhawa lan putra Pandhawa sing wis ngorbanake jiwa ragane. Saiki
rungokna ing sabrang palagan wadyabala Kurawa dipandhegani Adipati
Karna, sora swarane
ambata rubuh anantang sliramu.
Wis aja was
sumelang aku sumadiya dadi
kusir kreta perangmu.”
Pangandikane Prabu Kresna mau nunjem
atine Arjuna, kaya kaslenthik
jiwane. Netra cumlorot kebak panginggit-inggit, pasuryaning
abang semburat mendhem kanepson.
”Menawi makaten
mangga Kaka Prabu
kula ndherek, kula
sagah dados senopatining perang,
para kadang Pandhawa kersanipun
nyamektakaken sadaya
prajurit mapag kridhanipun
Adipati Karna.” Sigra
Sang Senopati Arjuna nyengklak kreta
perang kinusiran Sang
Prabu Kresna. Ing
sabrange tegal Kurusetra, Sang
Adipati Karna uga
wis samekta, kreta
perang kinusiran Sang Prabu Salya.
Cekaking crita
aneng satengahing palagan
Tegal Kurusetra, katon
satriya loro, tan bisa
kabedakake, pindha jambe
sinigar, pawakane, pasuryane, panganggone, sanjatane. Kekarone
mudhun saka kreta.
”Kangmas Adipati
Karna pun rayi
ngaturaken sembah pangabekti,
ugi nyuwun agunging samodra
pangaksami sampun kumawantun
lan cumantaka dhumateng panjenengan
wonten ing palagan punika, ugi ngaturaken welingipun pun Ibu
Ratu Kunthi, sejatosipun
dereng telat menawi
panjenengan kersa makempal nunggal
sawiji kalihan sedaya
kadang Pandhawa.” Arjuna
lumajar banjur angrungkepi padane sang Adipati Karna.
”Ora ana
sing perlu dingapura
adhiku Arjuna, aku
lan sliramu ora
ana bedane, iki mung
saderma ngayahi wajib
darmaning satriya tama.
Ngertia aku wis janji karo Ibu
Ratu Kunthi, yen ta aku tetep njaga Pandhawa lima, dadi oraana
Pandhawa enem, mula
ing kene mengko
sapa sing bakal
pralaya, aku apa sliramu,
Pandhawa tetep lima
kaya janjiku marang
ibu.” Pangandikane Adipati Karna
karo ngangkat bahune
Arjuna. Tempuk pandelenge
satriya loro mau, sumoroting netra, ana asih, ana greget,
ana kesumat campur-adhuk.
”Menawi
makaten Kakang Adipati Karna, mangga enggal karampungaken jejibahan punika.”
Arjuna atur sembah
lan sumadiya nyengklak
kreta perang, semono uga Adipati
Karna.
Ing
satengahaing palagan, perang campuh, anggegirisi, swara Kurawa lan Pandhawa adu
katiyasan pindha bantheng ketaton. Satriya kekarone uga ngetog
kasudibyane, sanjata panah
lumepas pindhane udan.
Ananging Sri Kresna ngrasa
yen lumepasing panahing
Arjuna ora mugen
katujokake kanggo musuh ananging mung lumepas sakarepe.
”Arjuna aja
kalepyan, kae musuhmu,
aja rangu-rangu kewajibanmu menangake andon yuda iki.” bareng
lan pangandikane Sri Kresna tanpa kanyana panahe Adipati Karna mleset nyamber
gelunge Arjuna.
”Kados pundi Rama
Prabu panjenengan punika,
mesthinipun menawi boten kasendhal
lisipun dirada, Arjuna
sampun pejah kenging
jemparing kula.” Adipati nguman-uman
Rama maratuwane, karo
mudhun mbenakake rodane kreta
kejeglong awit anggone
nyendhal Prabu Salya
kebanteren, rodane kreta kejeglong. Diuman-umani
mantune Prabu Salya
mendel kewala, amung
ing batine ngendikan ”aku lila kowe sing mati tinimbang Arjuna.”
”Ayo Arjuna
enggal dipungkasi, Pasopatimu
gunakna” Prentahe Prabu Kresna
marang Arjuna, tanpa
kumecap panah Pasopati
wis lumepas, Adipati Karna
sing nembe bae
mapan lan munggah
ing kreta tanpa
bisa enda panah Pasopati tumancep
nunjem dhadha, sakala
ambruk kumalasa mental
saking kreta.
Arjuna weruh
Adipati Karna ketaman
panahe lan mental
saking kreta, enggal mlesat
pindha thathit, diarah
aja nganti anggane
Adipati Karna tumiba ing bumi
”Adhuh
kakang Adipati Karna, pun rayi nyuwun pangaputen” Arjuna karo atetawang tangis mangku
mustakane Adipati Karna,
pasuryane Adipati Karna ngatonake rasa marem.
”Adhiku
Arjuna dudu salahmu, iki pancen wis
tinakdir, matura Ibu Kunthi menawa
aku ngaturake sembah
pangabekti lan nyuwun
pangapura aku durung bisa dadi putra kang tuhu bekti,
ananging aku uga wis netepi janjiku, Pandhawa tetep lima,
mung bae sapungkurku
aku titip Ibu
Kunthi marang sliramu sakadang. Muga-muga kamenangan lan kawijayan tetepa kanggo
kadang Pandhawa.” Bubar ngendikan ana cahya
putih cumlorot metu
saka anggane Adipati Karna mumbul
ngawiyat tumuju swarga.
Ninggal Arjuna
sing atetawang tangis
sinambi mbopong kunarpane
Sang Adipati Karna tumuju
pakuwone Pandawa. Kunarpane
Adipati Karna karukti dening
para kadang Pandawa
kairing donga puji.
Iku minangka bukti yen tali paseduluran apa maneh tunggal bapa lan
ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot krana urusan donya.
BAUSASTRA
wor suh : campur dadi siji
kurnapa : layon, jenasah, jisim,
mayit.
bantening perang : banten+ing = korban+ing.
seda : surut, ngemasi,
andon yuda : perang tandhing
pepundhene : sesepuh
tetawang tangis : nangis terus, nangis kelara-lara
amelas arsa : memelas, nggawe
trenyuh
duhkita : susah
waspa : luh
aben ajeng : adu arep
darmaning satriya : sikap lan perilaku sing wajib diduweni para
satriya
kamulyan : ka+mulya+an, ater-ater ka
+tembung lingga+panambang -an ngrimbag tembung dadi tembung aran: kemuliaan
(BI)
jejibahan : kewajiban
dipandhegani : dipimpin
ambata rubuh : rame banget kaya bata rubuh: bebasan
nyamektakake : ny-samekta-ake; samekta:nyiapake.
kinusiran : dikusiri
pindha jambe sinigar: persis, padha (pepindhan)
kumawantun : kuma+wantun (kr. a): kuma +wani,
aterater kuma tegese mbangetake: banget anggone wani cumantaka:
palagan : papan jembar kanggo perang
lumajar : mlayu
netra kr.a) : mripat
kalepyan : lena
lisipun : kendhali, kekang
ambruk kumalasa : ambruk nggeblak
anggane :awake
mustaka :sirah
mlesat pindha thathit: mabur mendhuwur kaya thathit(kilap)
mumbul ngawiyat : mumbul mendhuwur ing awang-awang.
TEKS CRITA WAYANG
Crita wayang kuwi salah sijine
tuladhane wacan narasi. Wacan narasi bisa awujud crita
wayang, crita rakyat,
dongeng, wacan bocah,
cerkak lan sapunanggalane. Ing
saben crita utawa
narasi fungsi utamane kanggo marisake nilai budi pekerti,
norma-norma sosial, budaya lan adat istiadat.
Teks crita wayang kalebu teks narasi. Titikane (ciri) teks narasi,
kaya ing ngisor iki.
1. Wujude wacan
narasi bisa dideleng
saka perangan struktur
sing bisa mangun
wacan lan perangan
basa kang dumadi
saka panganggone tembung, lan ukara.
a. Struktur
wacan narasi dumadi saka
orientasi, komplikasi, klimak, resolusi, reorientasi, lan
koda/amanat.
b. Unsur basa,
utawa wujud basane
wacan narasi arupa
tembunge, ukarane, lan wangune
paragraf. Ing kalodhangan (kesempatan)
iki mligi (mung) ngenani tembung lan
ukara sing dadi cirine wacan narasi, yaiku arupa tembung (kata), ukara (kalimat)
paesan utawa basa rinengga, lan unggah-ungguh basa.
2. Tujuan panulisan
lan pamacane wacan
narasi kuwi kanggo
panglipur sing bisa dijupuk pesan
moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe.
3. Fungsi
wacan narasi saliyane wujud ngandharake gagasan lan ide, uga kanggo marisake
nilai budi pekerti luhur.
STRUKTUR TEKS CRITA
WAYANG
Sruktur teks crita wayang iku dibagi dadi 6 perangan
kaya jlentrean ing ngisor iki.
1. Orientasi
Orientasi
iku bagian tetepungan utawa bagian sing ngenalake tokoh/paraga, latar/seting,
lan prastawa/prakara kang ana ing sajroning crita wayang. Ing “Karna Tandhing”
dikenalake tokoh (wadyabala Kurawa
lan Pandhawa, pangeran
lan raja), prastawa/peristiwa (Perang Baratayuda), latar
waktu (tambah dina),
panggonan lan kahanan
(ambu anyir), ing paragraf 1 nganti tekan paragraf 2.
2. Komplikasi
Komplikasi
ku bagian crita sing wis ana
perkara sing bakal
dadi underan/pokok lan ndadekake
aluring crita. Ing kono
titikane wiwit ana
prakara yaiku konflik
ing batine Yudhistira nalika kudu
milih senopati, konflik amarga Arjuna ora gelem dadi senopati, ing paragraf 3
nganti tekan paragraf 6.
3. Klimaks
Klimaks
iu bagia crita sing prakarane wis tambah ngambra-ambra lan ruwet. Titikan bisa
dideleng saka paragraf sing njlentrehake kanepsone Arjuna, kanepsone Adipati
Karna uga prentahe Prabu
Kresna marang Arjuna,
ing paragraf 7
nganti tekan paragraf 22.
4. Resolusi
Resolusi
iku bagian crita sing prakarane wis nemokake
dalane kanggo ngrampungi solusi/jalan keluar). Titikan sing
bisa dijupuk saka paragraf
ana ing keputusane
Arjuna gelem dadi
senopati, lan miwiti perang
lumawan Adipati Karna, paragraf 23 nganti tekan paragraf 26
5. Reorientasi
Reorientasi
iku bagian pamawas ulang ngenani perkara
yen ana. Bagian iki bisa katitik ing paragraf kang njelasakake yen ta perange Adipati Karna lan Arjuna mligine, utawa perang Baratayuda, ora mung
wujud perang pribadi/
keturunan nanging perange
para satriya njejegake darmaning
satriya, paragraf 27.
6. Koda/Amanat
Amanat
iku dudutan/simpulan sing bisa
dijupuk saka paragraf
sing njelasake nilai
budi pekerti sing bisa
dadi patuladhan, kaya
pangruktine Pandhawa marang
kunarpane Adipati Karna,
awit sesambungan sedulur
kuwi ora bakal
pedhot krana urusan donya, ana ing paragraf 28.
TULADHANE STURKTUR TEKS CRITA WAYANG
KARNA TANDHING
ORIENTASI |
Perang Baratayuda
tambah dina ora mendha,
ananging tansaya sengit
lan nggegirisi. Layone prajurit
wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja
wadyabalaKurawa lan Pandhawa.
Ana sing bisa
dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging
isih luwih akeh sing
ora karukti. Ambu
anyir ludirane para prajurit
campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah
Pandhu atetawang tangis amelas
arsa, anggetuni sedane
para pepundhene lan
putra-putrane sing dadi
bantening perang Baratayuda. ” Adhimas
Prabu Yudhistira, sasurute
Abimanyu, Drestajumena lan
para senopati liyane, sliramu kudu enggal milih salah siji saka para kadang Pandhawa dadi senopatine
perang.” Prabu Kresna mecah
tangising para kadang Pandhawa. |
KOMPLIKASI |
”Kaka Prabu,
kula rumaos boten
saged nglajengaken perang
punika, raosing ciut manah kula,
sampun boten kuwawa
nandhang dhuhkita tinilar pawongan ingkang kinasih, punapa
malih milih para kadang Pandhawa minangka senopati lajeng
mangke pralaya ing
palagan, sanajan kula
mangertos sedaya punika wujud
darmaning satriya.” Yudhistira
matur marang Kresna
isih karo swara lirih cinandhet
ing gurung. ”Ora Yudhistira, perang
kudu terus lumaku, yen sliramu ora bisa netepake sapa sing
kudu dadi senopati,
aku minangka penasehat
perang saka Pandhawa netepake Arjuna
sing kudu dadi
senopati, amarga Kurawa
wis netepake Ratu Awangga Karna
minangka senopati.” Kagyat Sang
Arjuna, njenggirat, angusap waspa. ”Kaka Prabu,
kados pundi anggen
kula badhe nglampahi
aben ajeng ing madyaning palagan
kaliyan kadang sepuh
pribadi, kula boten
sagah kaka Prabu.” ”Arjuna
elinga iki dudu
perkara sedulur apa
dudu sedulur, perang Baratayuda iki wujud perang antara
bebener lan kamurkan, perang mbelani hak, lan
ngayahi kewajiban, mbelani
jejeging nagara, wis
samesthine ora ana
tidhatidha, nglabuhi nagara
nganti pecahing dhadha
wutahing ludira minangka darmaning satriya
sejati. Karna sanajan
sedulur tuwa sing
kebeneran dadi mungsuhmu, ing
perang Baratayuda iki
uga netepi darmaning
satriya, males budi marang
pawongan lan nagara
sing sasuwene iki
wis menehi kamulyanuripe. Karna
uga duwe rasa
pangrasa kaya sliramu, ananging ngemban
jejibahan lan males
budi luwih wigati. Coba
yen nganti sliramu
ora enggal maju
apa ora muspra anggone
para raja wadyabala
Pandhawa lan putra Pandhawa sing wis ngorbanake jiwa ragane. Saiki
rungokna ing sabrang palagan wadyabala Kurawa dipandhegani Adipati
Karna, sora swarane
ambata rubuh anantang sliramu.
Wis aja was
sumelang aku sumadiya dadi
kusir kreta perangmu.”
Pangandikane Prabu Kresna mau nunjem
atine Arjuna, kaya kaslenthik
jiwane. Netra cumlorot kebak panginggit-inggit, pasuryaning
abang semburat mendhem kanepson. |
KLIMAKS
|
”Menawi makaten
mangga Kaka Prabu
kula ndherek, kula
sagah dados senopatining
perang, para kadang Pandhawa kersanipun
nyamektakaken sadaya
prajurit mapag kridhanipun
Adipati Karna.” Sigra
Sang Senopati Arjuna nyengklak kreta
perang kinusiran Sang
Prabu Kresna. Ing
sabrange tegal Kurusetra, Sang
Adipati Karna uga
wis samekta, kreta
perang kinusiran Sang Prabu Salya. Cekaking crita
aneng satengahing palagan
Tegal Kurusetra, katon
satriya loro, tan bisa
kabedakake, pindha jambe
sinigar, pawakane, pasuryane, panganggone, sanjatane. Kekarone
mudhun saka kreta. ”Kangmas Adipati
Karna pun rayi
ngaturaken sembah pangabekti,
ugi nyuwun agunging samodra
pangaksami sampun kumawantun
lan cumantaka dhumateng panjenengan
wonten ing palagan punika, ugi ngaturaken welingipun pun Ibu
Ratu Kunthi, sejatosipun
dereng telat menawi
panjenengan kersa makempal nunggal
sawiji kalihan sedaya
kadang Pandhawa.” Arjuna
lumajar banjur angrungkepi padane sang Adipati Karna. ”Ora ana
sing perlu dingapura
adhiku Arjuna, aku
lan sliramu ora
ana bedane, iki mung
saderma ngayahi wajib
darmaning satriya tama.
Ngertia aku wis janji karo Ibu
Ratu Kunthi, yen ta aku tetep njaga Pandhawa lima, dadi oraana
Pandhawa enem, mula
ing kene mengko
sapa sing bakal
pralaya, aku apa sliramu, Pandhawa
tetep lima kaya
janjiku marang ibu.”
Pangandikane Adipati Karna karo
ngangkat bahune Arjuna.
Tempuk pandelenge satriya
loro mau, sumoroting netra, ana
asih, ana greget, ana kesumat campur-adhuk. ”Menawi makaten Kakang
Adipati Karna, mangga enggal karampungaken jejibahan punika.”
Arjuna atur sembah
lan sumadiya nyengklak
kreta perang, semono uga Adipati
Karna. Ing satengahaing palagan,
perang campuh, anggegirisi, swara Kurawa lan Pandhawa adu katiyasan pindha
bantheng ketaton. Satriya kekarone uga ngetog kasudibyane, sanjata
panah lumepas pindhane
udan. Ananging Sri
Kresna ngrasa yen lumepasing
panahing Arjuna ora
mugen katujokake kanggo
musuh ananging mung lumepas sakarepe. ”Arjuna aja
kalepyan, kae musuhmu,
aja rangu-rangu kewajibanmu menangake andon yuda iki.”
bareng lan pangandikane Sri Kresna tanpa kanyana panahe Adipati Karna mleset
nyamber gelunge Arjuna. ”Kados
pundi Rama Prabu
panjenengan punika, mesthinipun
menawi boten kasendhal lisipun
dirada, Arjuna sampun
pejah kenging jemparing
kula.” Adipati nguman-uman Rama
maratuwane, karo mudhun
mbenakake rodane kreta kejeglong
awit anggone nyendhal
Prabu Salya kebanteren,
rodane kreta kejeglong. Diuman-umani mantune
Prabu Salya mendel
kewala, amung ing batine ngendikan ”aku lila kowe sing
mati tinimbang Arjuna.” |
RESOLUSI
|
”Ayo Arjuna
enggal dipungkasi, Pasopatimu
gunakna” Prentahe Prabu Kresna
marang Arjuna, tanpa
kumecap panah Pasopati
wis lumepas, Adipati Karna sing
nembe bae mapan
lan munggah ing
kreta tanpa bisa
enda panah Pasopati tumancep
nunjem dhadha, sakala
ambruk kumalasa mental
saking kreta. Arjuna weruh
Adipati Karna ketaman
panahe lan mental
saking kreta, enggal mlesat
pindha thathit, diarah
aja nganti anggane
Adipati Karna tumiba ing bumi ”Adhuh kakang Adipati Karna, pun rayi nyuwun
pangaputen” Arjuna karo atetawang tangis mangku
mustakane Adipati Karna,
pasuryane Adipati Karna ngatonake rasa marem. |
REORIENTASI |
”Adhiku Arjuna dudu salahmu, iki pancen wis tinakdir, matura Ibu Kunthi
menawa aku ngaturake
sembah pangabekti lan
nyuwun pangapura aku
durung bisa dadi putra kang tuhu bekti, ananging aku uga wis netepi
janjiku, Pandhawa tetep lima, mung
bae sapungkurku aku
titip Ibu Kunthi
marang sliramu sakadang. Muga-muga
kamenangan lan kawijayan
tetepa kanggo kadang Pandhawa.” Bubar
ngendikan ana cahya
putih cumlorot metu
saka anggane Adipati Karna
mumbul ngawiyat tumuju swarga. |
KODA/AMANAT |
Ninggal
Arjuna sing atetawang
tangis sinambi mbopong
kunarpane Sang Adipati Karna
tumuju pakuwone Pandawa.
Kunarpane Adipati Karna karukti dening para
kadang Pandawa kairing
donga puji. Iku minangka bukti yen
tali paseduluran apa maneh tunggal bapa lan ibu ora bakal bisa kapisah
lan pedhot krana urusan donya. |