Jumat, 04 September 2020

TEKS PROFIL TOKOH


PERTEMUAN 4

A.     KOMPETENSI DASAR

3.2  Memahami struktur teks dan unsur kebahasaan dari teks lisan dan tulis untuk menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh, kegiatan, atau prastawa.

4.2  Menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh, kegiatan, atau prastawa dengan menggunakan tata krama.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks dheskriptif, siswa dapat

1.      mengidentifikasi struktur teks dheskriptif dengan tepat secara mandiri.

2.      Menyimpulan isi teks profil tokoh dengan tepat.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

TEKS PROFIL TOKOH

Teks  profil  tokoh  uga  diarani  teks  biografi.  Teks  kasebut  klebu  jinise  teks naratif.   Teks  profil  tokoh  utawa  teks  biografi, yaiku teks kang nggambarake  tokoh  lan  prastawa apa  wae  sing  tau  dialami  dening  tokoh  kasebut.  Kanggo  nggampangake mangerteni  isine  teks  profil  tokoh  utawa  teks biografi  ana  bab-bab  sing  kudu dijingglengi,  yaiku  (1)  irah-irahan/judhul,  (2)  babagan  sing  narik  kawigaten  sing tau dialami dening tokoh, (3) tindak-tanduk, gagasan sing bisa dituladha.    

 

STRUKTUR TEKS PROFIL TOKOH

Sruktur teks profil tokoh iku dibagi dadi 3 perangan, yaiku orientasi, prastawa, lan reorientasi.

a.       Orientasi  yaiku  yaiku  bagean  teks  sing  isine  ngenalake  tokoh,  umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan kulawargane.

b.      Prastawa  yaiku  bagean  sing  ngandharake  kahanan,  prastawa,  masalah sing  tau  dialami  nanging  sing  menjila  lan  duwe  kesan  mirunggan  kang bisa didadekake tepa-tuladha.

c.       Reorientasi  yaiku  bagean  panutup  lan  ngandharake  pandhangan  lan pamawase  panulis marang tokoh sing dicritakake.

 

TULADHANE TEKS PROFIL TOKOH

 

RADEN AJENG KARTNI

Raden   Ajeng  Kartini  miyos  tanggal  21  April  1879  ing Jepara,  Jawa  Tengah.  Panjenengane  isih  klebu  golongan kaum  bangsawan,  jalaran  Raden  Ajeng  Kartini  putrane bupati  Jepara  kang  asma  Raden  Mas  Adipati  Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra  pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.

Raden  Ajeng  Kartini  sekolah  ana  ing  ELS  (Europese  Lagere  School).  Ing pasinaon  piyambake  klebu  murid  sing  sregep.  Sasuwene  sinau  ing  ELS  uga nyinaoni  basa  Walanda,  mula  Raden  Ajeng  Kartini  bisa  nguwasani  basa  Walanda kanthi  becik.  Nanging  emane,  sawise  umur  12  taun  Kartini  kudu  ninggalake pamulangan,  jalaran  kudu  dipingit.  Raden  Ajeng  Kartini  nelangsa  banget.  Arep nulak  ora  wani,  piyambake  wedi  diarani  ora  ngerti  adat.  Kabeh  mau  dilakoni kanthi susahing ati. Kanggo nglipur ati, Kartini nglumpukake buku-buku pelajaran lan buku pengetahuan umum kanggo wacan nalika dina-dinane krasa sepi. Saben dina pegaweane maca lan maca kanthi dikancani abdi kinasihe.

Maca   malih  dadi  hobi.  Ora  mung  buku  wae  sing  diwaca,  nanging  surat kabar uga diwaca. Menawa ana  bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwun pirsa marang Ramane. Amarga sregep maca wawasane tambah akeh. Kartini ngerti yen para  wanita  Eropa  kuwi  wis  maju,  pikirane  maju,  lan  wawasane  jembar.  Raden Ajeng  Kartini  nduweni  pepinginan  amrih  wanita  Indonesia  uga  maju,  ora  mung dadi  kanca  wingking  wae.  Raden  Ajeng  Kartini  nglumpukake  kanca-kancane kanggo  diwulang  nulis  lan  maca.  Ing  sela-selane  wektu  kuwi  Kartini  asring  nulis layang  kanggo  kanca-kancane  sing  ana  ing  negara  Walanda.  Panjenengane  uga nulis  surat  kagem  Mr. J. H  Abendanon  supaya  diparingi  beasiswa  kanggo  sekolah menyang Walanda.

Raden  Ajeng  Kartini  klakon  oleh  beasiswa,  nanging  emane  ora  dilakoni, jalaran ing wektu iku uga Kartini kudu manut wong tuwane dinikahake karo Bupati Rembang  kang  sesilih  Raden  Adipati  Joyodiningrat.  Sawise  krama  Panjenengane kudu  ndherek  kakunge  menyang  Rembang.  Ing  Rembang  Raden  Ajeng  Kartini ngedegake sekolah wanita kang disengkuyung dening garwane.

Tanggal  13  September  1904  Raden  Ajeng  Kartini  mbabarake  putra  kakung sing diparingi jeneng Soesalit Djoyoadiningrat. Tanggal 17 September 1904 Raden Ajeng  Kartini  seda  ing  yuswa  25  taun.  Ndeleng  semangate  Raden  Ajeng  Kartini, taun  1912  ing  Semarang  didegake  Sekolah  Wanita  dening  Yayasan  Kartini  sing dipimpin  dening  kulawarga  Van  Deventer.  Banjur kasusul  ing  Surabaya,  Madiun, Cirebon  lan  daerah-daerah  liyane.  Sasedane  Raden  Ajeng  Kartini,  Mr.  J.H Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA Kartini marang kancakancane sing  ana  ing  Eropa  lan  didadekake  buku.  Buku  kasebut  diwenehi irahirahan ”Door Duisternis Tot Light” sing tegese “Habis Gelap Terbitlah Terang”.

Para  wanita  Indonesia  wis  padha  maju,  pendhidhikane  akeh  sing  dhuwur, pegaweane  bisa  sajajar  karo  para  priya.  Kabeh  mau  ora  liya  amarga  kena  daya semangate Raden Ajeng Kartini. Ide-ide, gegayuhan, lan semangate Raden Ajeng Kartini  didadekake  inspirasi,  dituladha  dening  para  wanita  Indonesia  supaya  dadi wong pinter, pinunjul, nanging ora ninggalake kodrat kadidene wanita.

(Sumber: www.kolom.biografi.blogspot.com/16 okt 2014 Kanthi sawetara owah-owahan)




Menawa diperang miturut strukture, teks profil tokoh RADEN AJENG KARTNI kaya ing ngisor iki.

RADEN AJENG KARTNI

Raden   Ajeng  Kartini  miyos  tanggal  21  April  1879  ing Jepara,  Jawa  Tengah.  Panjenengane  isih  klebu  golongan kaum  bangsawan,  jalaran  Raden  Ajeng  Kartini  putrane bupati  Jepara  kang  asma  Raden  Mas  Adipati  Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra  pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.

Orientasi

Raden  Ajeng  Kartini  sekolah  ana  ing  ELS  (Europese  Lagere  School).  Ing pasinaon  piyambake  klebu  murid  sing  sregep.  Sasuwene  sinau  ing  ELS  uga nyinaoni  basa  Walanda,  mula  Raden  Ajeng  Kartini  bisa  nguwasani  basa  Walanda kanthi  becik.  Nanging  emane,  sawise  umur  12  taun  Kartini  kudu  ninggalake pamulangan,  jalaran  kudu  dipingit.  Raden  Ajeng  Kartini  nelangsa  banget.  Arep nulak  ora  wani,  piyambake  wedi  diarani  ora  ngerti  adat.  Kabeh  mau  dilakoni kanthi susahing ati. Kanggo nglipur ati, Kartini nglumpukake buku-buku pelajaran lan buku pengetahuan umum kanggo wacan nalika dina-dinane krasa sepi. Saben dina pegaweane maca lan maca kanthi dikancani abdi kinasihe.

Maca   malih  dadi  hobi.  Ora  mung  buku  wae  sing  diwaca,  nanging  surat kabar uga diwaca. Menawa ana  bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwun pirsa marang Ramane. Amarga sregep maca wawasane tambah akeh. Kartini ngerti yen para  wanita  Eropa  kuwi  wis  maju,  pikirane  maju,  lan  wawasane  jembar.  Raden Ajeng  Kartini  nduweni  pepinginan  amrih  wanita  Indonesia  uga  maju,  ora  mung dadi  kanca  wingking  wae.  Raden  Ajeng  Kartini  nglumpukake  kanca-kancane kanggo  diwulang  nulis  lan  maca.  Ing  sela-selane  wektu  kuwi  Kartini  asring  nulis layang  kanggo  kanca-kancane  sing  ana  ing  negara  Walanda.  Panjenengane  uga nulis  surat  kagem  Mr.J.H  Abendanon  supaya  diparingi  beasiswa  kanggo  sekolah menyang Walanda.

Raden  Ajeng  Kartini  klakon  oleh  beasiswa,  nanging  emane  ora  dilakoni, jalaran ing wektu iku uga Kartini kudu manut wong tuwane dinikahake karo Bupati Rembang  kang  sesilih  Raden  Adipati  Joyodiningrat.  Sawise  krama  Panjenengane kudu  ndherek  kakunge  menyang  Rembang.  Ing  Rembang  Raden  Ajeng  Kartini ngedegake sekolah wanita kang disengkuyung dening garwane.

Tanggal  13  September  1904  Raden  Ajeng  Kartini  mbabarake  putra  kakung sing diparingi jeneng Soesalit Djoyoadiningrat. Tanggal 17 September 1904 Raden Ajeng  Kartini  seda  ing  yuswa  25  taun.  Ndeleng  semangate  Raden  Ajeng  Kartini, taun  1912  ing  Semarang  didegake  Sekolah  Wanita  dening  Yayasan  Kartini  sing dipimpin  dening  kulawarga  Van  Deventer.  Banjur  kasusul  ing  Surabaya,  Madiun, Cirebon  lan  daerah-daerah  liyane.  Sasedane  Raden  Ajeng  Kartini,  Mr.  J.H Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA Kartini marang kancakancane  sing  ana  ing  Eropa  lan  didadekake  buku.  Buku  kasebut  diwenehi irahirahan ”Door Duisternis Tot Light” sing tegese ”Habis Gelap Terbitlah Terang”.

Prastawa

Para  wanita  Indonesia  wis  padha  maju,  pendhidhikane  akeh  sing  dhuwur, pegaweane  bisa  sajajar  karo  para  priya.  Kabeh  mau  ora  liya  amarga  kena  daya semangate Raden Ajeng Kartini. Ide-ide , gegayuhan, lan semangate Raden Ajeng Kartini  didadekake  inspirasi,  dituladha  dening  para  wanita  Indonesia  supaya  dadi wong pinter, pinunjul, nanging ora ninggalake kodrat kadidene wanita.

Reorientasi

 

 

UJI KOMPETENSI


Supaya luwih mangerteni materi babagan cerkak, kerjakno gladhen kanthi klik link ing ngisor iki!





 

 

 

 

 

 

 


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...