Senin, 25 Januari 2021

TEKS GEGURITAN 3


PERTEMUAN 3

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1   Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral puisi secara lisan dan tulis

4.1   Mengapresiasi secara lisan dan tulis teks puisi.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca atau mendengarkan teks puisi, siswa dapat

1.            menulis teks geguritan sesuai tema dengan kreatif.

2.            menceritakan pesan moral geguritan yang ditulis dengan tanggung jawab.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

 

INDONESIAKU

Dening: Septika Ratna S.

 

Jamrud khatulistiwa julukanku

Rowa ... samudra raya tanpa winates

Wiwit Sabang tumekan Merauke

Tharik-tharik pulo-pulone ... endah ing netra

Ijo royo-royo dadi sesawangan ngelam-ngelami ati

Sugih mblegedhu tumekan saiki

Urip bebarengan, guyub rukun mbangun karaharjaning urip

Iku mung ana ing impen

Impen kang sarwa endah tan bisa dadi kasunyatan

Saiki sing ana mung lebu lan lendhut

Cinepeng anane pepenginan mulyakake awakira

Ora preduli mring rakyat kesrakat

Ora preduli mring tatanan kautaman

Ora preduli mring uripe liyan

Sing ana mung urip mulya

Mulya sadhuwure lara-lapane papa sudra

Najan mangkono iki negeriku

Negeri kelairanku

Negeri nganti tumeka patiku

Negeri nenek moyangku

Negeri kang dakdama-dama

Ing manah lan saben lakuku

Indonesiaku ....

(Panjebar Semangat No. 35-31 Agustus2013, kaca 40)

 

MENULIS TEKS GEGURITAN

Sejatine ora ana cara kang kusus kanggo nulis guritan. Kanggo nggampangake ajar nulis guritan dakandharake langkah-langkah kaya kang kacetha ing ngisor iki.

1.      Nemtokake tema apa kang bakal katulis ing guritan. Kanthi anane tema kang wis katemtokake, geguritan kang ditulis bakal nduweni pathokan lan fokus marang tema kasebut.

2.      Ngumpulake tetembungan kang ana  sesambungane  karo  tema  kang ditemtokake. 

3.      Ngrakit frase adhedhasar tetembungan kang wus dikumpulake.

4.      Adhedhasar langkah 1, 2 lan 3 ing ndhuwur kita bisa ngrakit guritan.

Miturut strukture, geguritan iku ora kaiket aturan guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Nanging ora ana salahe yen geguritan iku ditulis kanthi nggatekake guru lagu, guru wilangan, lag guru gatra supay luwih penak nalika diwaca utawa dirungokake.

Sakliyane langkah-langkah nulis geguritan kang wus dijlentrehake ing dhuwur, sing kudu digatekne yaiku babagan tembung kang dipilih. Tembung sing dipilih yaiku tembung sing nduwe teges kang jero utawa nganggo basa rinengga (tembung dasanama, saroja, entar lan liyane). Tujuane migunakake basa rinengga yaiku supaya geguritan sing ditulis ukarasa luwih endah.

 

GLADHEN  2

1.      Semaken gambar ing ngisor iki, banjur salah siji gawenen geguritan!


gambar 2

                                    gambar 3 


gambar 1


2.      Nulisa geguritan miturut gambar sing wis dipilih.

3.      Critakno pesan moral kang ana ing sajroning geguritan sing wis koktulis.

4.      Gladhen ditulis kanthi rapi, banjur dikirim lewat link ing ngisor iki

7A        https://forms.gle/LUafRKEPnYqiTUrm7

7B        https://forms.gle/xvdfCbYAwQDmLPcd8

7C        https://forms.gle/mYgbGHQvLn63b8Qv9

7D        https://forms.gle/dYG6KLF4rSPrVLeo9

 

 

 

 


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...