PERTEMUAN 3
A. KOMPETENSI DASAR
3.5 Memahami struktur teks,
unsur kebahasaan, dan pesan
moral tembang macapat dan
lagu kreasi secara lisan dan tulis.
4.5 Melagukan dan mengungkapkan pesan tembang macapat
dan lagu kreasi.
B. TUJUAN
Setelah membaca atau
mendengarkan tembang macapat, siswa dapat
1.
Menulis tembang macapat sesuai
jenis dan strukturnya dengan mandiri.
2.
Menentukan pesan moral dari
tembang macapat yang sudah ditulis dengan tepat.
C. RINGKASAN MATERI
NGARANG TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat
iku salah sjiine seni budaya Jawa kang kudu dijaga kelestariane. Carane yaiku
kanthi ngleluri tembang macapat, kayata nembangake atau ngarang tembang maapat.
Ngarang tembang macapat, isi lan basane bisa disalaraske karo kahanan jaman
saiki sahingga ora kangelan. Nalika arep ngarang tembang macapat kudu magerteni
jinise, isine, lan paugerane tembang. Sakliyane iku, ukara-ukara kang
digunakake disalarasake karo pesen moral kang arep disampekake dening para
pamaca.
Tata Carane Nulis Tembang Macapat
Nalika arep nulis tembang macapat, ana tata carane
gawe supaya gampang nulise. Urut-urutan kang kudu dimanerteni kaya ing ngisor
iki.
a. Temtokno lan
tulisen ngenani gagasan opo sing arek digawe tembang.
b. Temtokno tembang
opo sing arep kokgawe, opo mijil, opo pangkur, lan liya-liyane.
c. Tulisen guru
gatra, guru wilangan lan guru lagune.
d. Gawea
ukara-ukara (kalimat) kang salaras karo paugerane tembang macapat.
e. Telitinen maneh
tembung-tembunge lan ukara-ukara kang kokgawe mau, kudu cocok karo paugerane
tembang sing kogawe.
Tuladhane
a. Babagan golek
ilmu.
b. Tembang kang
arep dakgawe tembang macapat pangkur
(8-u) yen
arep ngangsu kaweruh
(8-i) kudua
sregep lan trampil
(8-a) tur
ikhlas kalawan sabar
(8-i) supaya
niat dumadi
(8-a) migunani
marang liyan
(8-i) urip
beja nyantosani
GLADHEN
Gawea sapada tembang Pucung kanthi mandiri,
kanthi migatekake pituduh ing ngisor iki!
1. Guru lagu lan
guru wilangane tembang Pucung: 12u – 6a - 8i – 12a
2. Temtokna pesan
moral kang kinandhut ing sajroning tembang macapat kang koktulis!
3. Gladhen ditulis kanthi rapi, banjur dikirim lewat link ing ngisor iki
7A https://forms.gle/LUafRKEPnYqiTUrm7
7B https://forms.gle/xvdfCbYAwQDmLPcd8
7C https://forms.gle/mYgbGHQvLn63b8Qv9
7D https://forms.gle/dYG6KLF4rSPrVLeo9
Tidak ada komentar:
Posting Komentar