Jumat, 07 Agustus 2020

TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF



PERTEMUAN 2

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1   Memahami teks hasil observasi, tanggapan deskriptif, dan eksposisi dalam bentuk informasi atau berita secara lisan dan tulis

4.1   Menelaah dan menyunting teks hasil observasi, tanggapan deskriptif, dan eksposisi dalam bentuk informasi atau berita secara lisan dan tulis

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks dheskriptif, siswa dapat

1.      menentukan unsur kebahasaan teks dheskriptif dengan tepat.

   

C.      RINGKASAN MATERI 

UNSUR BASA TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

1.     Swara Jejeg lan Miring

Swara jejeg uga diarani swara sampurna. Swara jejeg iku swara kang durung owah saka asale, kajaba aksara /a/. Dene swara miring iku swara kang wis owah saka asale.

 

Swara (vokal)

Jejeg

Miring

a

Nata

Gambar

bata

Pasar

i

Mili

Putih

Siji

Mulih

u

Buku

Balung

Paku

Sarung

e

Sate

Bebek

Lele

Golek

e pepet

Peteng, mendung, lan sapanunggale

o

Soto

Kolong

Loro

Bolong

    

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 






2.     Jinise Tembung

Sakdurunge nyinauni babagan jinising tembung, luwih becik kudu mangerteni bedane aksara, wanda, tembung, lang ukara

Aksara          : huruf

Wanda          : suku kata

Tembung     : kata

Ukara            : kalimat

 

Kanggo nyinaoni teks tanggapan dheskriptif uga kudu nyinaoni jinising tembung basa Jawa. Jinising tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10.

a.      Tembung Aran (Kata Benda)

Tembung aran, yaiku tembung kang nerangake sekabehane jenenge barang utawa sing dianggep barang. Tembung aran diperang dadi loro, yaiku

1)     Tembung arang kang kasat mata

Tuladha: gunung, omah, segara, sapi, buku, lan sapanunggale.

a)     Anin tuku buku ing toko ngarep sekolah.

b)     Omahe Dimas ono ing sakidule masjid.

2)     Tembung aran kang ora kasat mata

Tuladha: pemandhangan, kabudayan, pariwisata, lan sapanunggale.

a)     Pemandhangan ing sakiwa tengene segara kae pancen apik.

b)     Pariwisata ing kutha Pacitan iku maneka werna.

 

b.     Tembung Kriya (Kata Kerja)

Tembung kriya, yaiku sakabehing tembung sing nerangake panggawean.

Tuladha: nulis, maca, nangis, mlaku, turu, lunga, mlayu, lan sapanunggale.

a)     Raihan seneng maca buku ing perpustakaan.

b)     Hana nangis amarga dijiwit kancane.

 

c.       Tembung Kahanan (Kata Sifat)

Tembung kahanan, yaiku sakabehane tembung kang nerangake watak, sifat, lan kahanane samubarang.

Tuladha: gedhe, cilik, panas, adhem, lembut, ayu, sesak, resik, lan sapanunggale.

a)     Mbak Dina iku pancen ayu.

b)     Hawane dina iki panas banget.

 

d.     Tembung Katrangan (Kata Keterangan)

Tembung katrangan, yaiku sakabehane tembung kang nerangake tembung aran, tembung kriya, utawa tembung kahanan.

Tuladha: saiki, sesuk, awan, bengi, minggu ngarep, lan sapanunggale.

a)     Saiki bapak tindak Jakarta.

b)     Minggu ngarep wis wayahe liburan sekolah.

 

e.      Tembung Wilangan (Kata Bilangan)

Tembung wilangan, yaiku sekabehane tembung kang nerangake cacah utawa jumlahe barang lan pepangkatan.

Tuladha: siji, loro, seprapat, kapisan, kapindho, pirang-pirang, ka-2, lan sapanunggale.

a)     Adhiku duwe pitik cacahe lima.

b)     Bapak gadhah sawah pirang-pirang hektar.

 

f.       Tembung Sesulih (Kata Ganti)

Tembung sesulih, yaiku sakabehane tembung kang dadi sesulih utawa nggantine wong, diangep barang.

Tuladha: aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, lan sapanunggale.

a)     Aku mau isuk sarapan sega goreng.

b)     Dheweke seneng menawa kancane gelem sinau bareng-bareng.

 

g.      Tembung Ancer-Ancer (Kata Depan)

Tembung ancer-ancer, yaiku sakabehane tembung kang dianggo nggandheng tembung kriya karo panggonan.

Tuladha: ing, menyang, saka, lan sapanunggale.

1)     Aldo tuku gula ing warung.

2)     Sita budal menyang Solo wingi sore.

3)     Mau isuk Dani teka saka Madiun numpak bis.

 

h.     Tembung Panggandheng (Kata Sambung)

Tembung panggandheng, yaiku sakabehane tembung kang dienggo ngggandheng  ukara siji lan sijine ing ukara rangkep utawa ukara majemuk.

Tuladha: nalika, karo, sebab, lan, sapanunggale.

1)     Dimas lagi sinau basa Jawa nalika Bapak rawuh saka Surabaya.

2)     Andi lan Azuna  budal sekolah numpak sepedhah.

3)     Aisyah bungah atine sebab dadi juara kelas.

 

i.        Tembung Panyilah (Kata Sandang)

Tembung panyilah, yaiku tembung kang dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis genah.

Tuladha: sang, si, para, lan sapanunggale.

1)     Sang Raja nganakake sayembara ing kerajaan.

2)     Para tamu katuran jumeneng sawetawis.

3)    Si Kancil nyolong timun ing  sawahe Pak Tani.

 

j.        Tembung Panguwuh (Kata seru)

Tembung panguwuh, yaiku tembung kang nerangake rasa pangrasa.

Tuladha: adhuh, ah, eh, lho, nah, wah, lha, kok, lan sapanunggale.

a)     Adhuh, sikiiku lara!

b)     Wah, wernane banyu segara iku katon biru ya!



 3.     UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

a)    NGOKO LUGU

Basa ngoko lugu, yaiku ukara kang dumadi saka susunan tembung ngoko kabeh.

 

Basa ngoko lugu iku digunakake kanggo

1)     Guneman marang sapadha

2)     Guneman marang wong kang drajade luwih asor

3)     Gunemane wong tuwa marang bocah.

Tuladha:

1)     Aku budal sekolah numpak sepedhah.

2)     Masku takon, “Kowe arep lunga menyang ngendi?”

 

b)    NGOKO ALUS

Basa ngoko alus, yaiku ukara kang dumadi saka susunan tembung ngoko kang kacampuran tembung krama inggil. Tembung-tembung kang kudu krama inggil iku ana 2.

1)     Tembung kriya (kata kerja)

2)     Tembung sesulih (kata ganti)


Panjenengan arep tindak menyang ngendi?

 

Basa ngoko alus iku digunakake kanggo guneman marang

1)     Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni.

2)     Wong enom marang wong kang luwih tuwa sing wis raket

3)     Ngajeni wong sing diajak guneman.

 

 

Tuladha:

1)     Pakdhe tindak Malang nitih kereta.

2)     Panjenengan opo wis dhahar?”pitakone Ibu marang mbak Leni.

 

GLADHEN 2


1.     Ukara-ukara ing ngisor iki udhalen manut jinising tembung!

a)     Aku lan adhiku nyuwun oleh-oleh.

b)     Budi budhal menyang gunung Bromo liwat Probolinggo.


2.     Gawea  ukara  nganggo  basa  ngoko  lugu kanthi  migunakake  tembung-tembung ing ngisor iki!

a)     tuku

b)     akeh


3.     Gawea  ukara  nganggo  basa  ngoko  alus  kanthi  migunakake  tembung-tembung ing ngisor iki!

a)     mundhut

b)     maos


* Gladhen ing dhuwur dikerjakne ing buku tugas, banjur difoto lan dikirim ing link.


        7A

        7B

        7C

        7D

 

        

 

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...