PERTEMUAN 5
A.
KOMPETENSI DASAR
3.2 Memahami struktur teks, dan unsur kebahasaan dari teks lisan
dan tulis untuk menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh, kegiatan, atau
prastawa.
4.2 Menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh,
kegiatan, atau prastawa dengan menggunakan tata krama.
B.
TUJUAN
Setelah
membaca teks dheskriptif, siswa dapat
1.
mengidentifikasikan unsur
kebahasaan teks profil tokoh dengan cermat.
C.
RINGKASAN MATERI
UNSUR BASA
TEKS PROFIL TOKOH
Unsur
basa kang ana ing sajroning teks profil
tokoh kang dimaksud yaiku jinis-jinise
tembung kang digunakake ing ukara. Supaya
bisa mbedakake tembung-tembung kasebut perlu
nyinaoni wujude tembung.
Manut wujude tembung
kaperang dadi loro, yaiku tembung
lingga lan tembung andhahan.
1. Tembung
Lingga lan tembung Andhahan
a. Tembung
Lingga (Kata Dasar)
Tembung lingga, yaiku tembung
sing durung owah saka asale.
Tuladha: omah, mlayu,
lunga, tuku, klambi, anyar, apik, sapu, lan sapanunggalane.
b. Tembung
Andhahan (Kata Berimbuhan)
Tembung andhahan, yaiku tembung
sing wis owah saka asale.
Tuladha:
diparingi, nulis, gumuyu, anake,
nggambarake, nyapu, lan sapanunggalane.
Pangrimbage/Pandhapuke Tembung Andhahan:
Tembung
lingga bisa owah dadi tembung andhahan kanthi cara diwenehi wuwuhan (imbuhan),
dirangkep, lan dicampur.
a. Wuwuhan
(imbuhan)
Wuwuhan kaperang dadi telu,
yaiku:
1) Ater-ater
(Awalan)
Ater-ater yaiku
wuwuhan sing manggone
ana ing sangarepe tembung. Ater-ater iku ga
macem-macem jinise.
a) Ater-ater
anuswara: n, m-, ny-, ng-
Gunane
kanggo ngrimbag tembung lingga dadi tembung kriya tanduk (kata kerja aktif)
Tuladha:
|
Tembung
Lingga |
Ater-ater |
Pangrimbage |
Tembung
Andhahan |
|
waca |
m- |
m- + waca |
maca |
|
Tulis |
n- |
n- +
tulis |
nulis |
|
Sapu |
ny- |
ny- + sapu |
nyapu |
|
Gambar |
ng- |
ng- + gambar |
nggambar |
a) Ater-ater
tripurusa: dak- kok-, di-
Gunane
kanggo ngrimbag tembung lingga dadi tembung kriya tangap (kata kerja pasif)
Tuladha:
|
Tembung
Lingga |
Ater-ater |
Pangrimbage |
Tembung
Andhahan |
|
waca |
dak- |
dak- + waca |
dakwaca |
|
Tulis |
kok- |
kok- + tulis |
koktulis |
|
Sapu |
ndi- |
di- + sapu |
disapu |
b) Ater-ater
ka-, ma- sa-
Tuladha:
|
Tembung
Lingga |
Ater-ater |
Pangrimbage |
Tembung
Andhahan |
|
Waca |
ka- |
ka- + waca |
kawaca |
|
Guru |
ma- |
ma- + guru |
maguru |
|
Omah |
sa- |
sa- + omah |
saomah |
2) Seselan
(Sisipan)
Seselan
yaiku wuwuhan sing manggon ing tengahe tembung. Seselan iku wujude ana 4, yaiku
-in-, -um-, -el-, -er-
Tuladha:
|
Tembung
Lingga |
Seselan
|
Pangrimbage |
Tembung
Andhahan |
|
Tulis |
-in- |
-in-
+
tulis |
tinulis |
|
Gedhe |
-um- |
-um-
+
gedhe |
gumedhe |
|
Kepyur |
-el- |
-el-
+
kepyur |
kelepyur |
|
Kelip |
-er- |
-er-
+
kelip |
kerelip |
3) Panambang
(Akhiran)
Panambang
yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung. Panamban wujude: -a,- i-, -e, -en, -an, -ana, -ake, -ne, -na.
Tuladha:
|
Tembung
Lingga |
Panambang
|
Pangrimbage |
Tembung
Andhahan |
|
Adus |
-a |
adus + -a |
adusa |
|
Tulis |
-i |
n-
+
tulis + -i |
nulisi |
|
Tangis |
-e |
tangis + -e |
tangise |
|
Jupuk |
-en |
jupuk + -en |
jupuken |
|
Sandhang |
-an |
sandhang + an |
sandhangan |
|
Weneh |
-ana |
weneh + ana |
wenehana |
|
Gambar |
-ake |
Ng- + gambar +ake |
nggambarake |
UJI KOMPETENSI
Supaya luwih mangerteni materi babagan kebahasaan teks profil tokoh, kerjakno gladhen kanthi klik link ing ngisor iki!
GLADHEN 2 TEKS PROFIL TOKOH 7A


Tidak ada komentar:
Posting Komentar