Senin, 01 Februari 2021

TEMBANG MACAPAT 1


PERTEMUAN 1

A.     KOMPETENSI DASAR

3.5  Memahami  struktur  teks,  unsur kebahasaan,  dan  pesan  moral tembang  macapat  dan  lagu kreasi secara lisan dan tulis.

4.5  Melagukan  dan  mengungkapkan pesan tembang  macapat  dan lagu kreasi.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca atau mendengarkan tembang macapat, siswa dapat

1.      mengidentifikasi jenis-jenis tembang macapat dengan teliti.

2.      mengidentifikasikan  struktur  teks tembang macapat dengan cermat.

 

C.      RINGKASAN MATERI 

 

PUCUNG

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

 

Lekas               : wiwit

Kas                  : trampil

Nyantosani     : ora gampang rusak, kuat

Dur                  : ala

TEMBANG MACAPAT

Ing dhuwur wis dicontohne babagan tembang pucung. Ing tembang iku, ana patang baris. Isine yaiku yen arep golek ilmu kudu dilakoni kanthi mempeng, ojo gampang cupet ati lan pikirane. Nalika golek ilmu kudu dilakoni kanthi tulus ikhlas amarga ketulusan budi iku dadi dalan kanggo ngilangi ala lan bodho.

Tembang pucung iku salah siji jinise tembang macapat. Tembang macapat,  yaiku  tembang  tradhisional  kang ana ing  tanah  Jawa.  Diarani  tradhisional amarga tembang iku  kaiket  dening  guru  gatra,  guru  wilangan,  lan  guru  lagu.  Macapat  tegese  maca papat-papat,  yaiku  carane  maca  mandeg  saben  patang  wanda  (suku kata).

Tembang  macapat iku jinise  ana  11. Saben-saben tembang duweni paugeran lan watak tartamtu.


No.

Jenenge Tembang

Watak tembang

1.

Maskumambang

Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta

2

Pucung

Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan.

3.

Megatruh

Sedhih kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun, nelangsa karanta-ranta.

4.

Gambuh

Rumaket, kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng merga wis keduga, lumrahe nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket sesrawungane.

5.

Mijil

Wetuning rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan.

6.

Kinanthi

Seneng, tresna, lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara, gandrung-gandrung.

7.

Durma

Galak, muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo ing carita perang.

8.

Pangkur

Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng.

9.

Asmaradana

Sedhih, sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa asmara, kanggo ing carita kang medharake asmara.

10.

Sinom

Grapyak, renyah, kanggo sesorah, mituturi.

11.

Dhandhanggula

Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo panutuping karangan kang sinawung ing tembang.

 

STRUKTUR TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat iku duweni sruktur utawa paugeran kang wis ditemtokake. Paugeran ing tembang macapat iku ana telu kaya jlentrehan ing ngisor iki.

1.      Guru gatra, yaiku cacahing gatra (larik/baris) kang ana ing saben pada (bait).

2.      Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.

3.      Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra (swara a/ i/ u/ e/ o).

Saka 11 jinise tembang macapat iku, duwe paugeran dhewe-dhwewe. Supaya luwih mangerteni paugeran saka masing-masing jinise tembang, gatekno tabel ngisor iki. Tembang ing ngisor iki diurutne miturut cacahe baris.


NO.

JINISE TEMBANG

GURU GATRA

GURU WILANGAN LAN GURU LAGU

1

2

3

4

5

6

7

8

9

10

1.

Maskumambang

4

12i

6a

8i

8a

 

 

 

 

 

 

2

Pucung

4

12u

6a

8i

12a

 

 

 

 

 

 

3.

Megatruh

5

12u

8i

8u

8i

8o

 

 

 

 

 

4.

Gambuh

5

7u

10u

12i

8u

8o

 

 

 

 

 

5.

Mijil

6

10i

6o

10e

10i

6i

6u

 

 

 

 

6.

Kinanthi

6

8u

8i

8a

8i

8a

8i

 

 

 

 

7.

Durma

7

12a

7i

6a

7a

8i

5a

7i

 

 

 

8.

Pangkur

7

8a

11i

8u

7a

12u

8a

8i

 

 

 

9.

Asmaradana

7

8i

8a

8e/o

8a

7a

8u

8a

 

 

 

10.

Sinom

9

8a

8i

8a

8i

7i

8u

7a

8i

12a

 

11.

Dhandhanggula

10

10i

10a

8e

7u

91

7a

6u

8a

12i

7a

 

Saliyane  kaiket  guru  gatra,  guru  wilangan,  lan  guru  lagu,  tembang macapat  uga  nduweni  titilaras  lan  cakepan.  Titi  laras,  utawa  cukup  diucapke laras, kaperang dadi loro, yaiku laras slendro lan laras pelog. Kang dadi titikane lasras slendro, yaiku ana 5 swara kang dumadi saka swara    1 2 3 5 6, ora  ana  swara  4  (papat)  karo  7 (pitu).  Laras pelog iku nduweni  7 swara. Dumadi  saka 1 2 3 4 5 6 7.  Cakepan,  yaiku  naskah,  teks,  utawa  syaire  tembang  macapat.  Cakepan tembang  iki  sejatine  ora  beda  karo  wangun  geguritan.

 

TULADHA WANGUN STRUKTUR TEMBANG MACAPAT







 

 

 

 

 

 

 

 

 


 

Senin, 25 Januari 2021

TEKS GEGURITAN 3


PERTEMUAN 3

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1   Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral puisi secara lisan dan tulis

4.1   Mengapresiasi secara lisan dan tulis teks puisi.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca atau mendengarkan teks puisi, siswa dapat

1.            menulis teks geguritan sesuai tema dengan kreatif.

2.            menceritakan pesan moral geguritan yang ditulis dengan tanggung jawab.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

 

INDONESIAKU

Dening: Septika Ratna S.

 

Jamrud khatulistiwa julukanku

Rowa ... samudra raya tanpa winates

Wiwit Sabang tumekan Merauke

Tharik-tharik pulo-pulone ... endah ing netra

Ijo royo-royo dadi sesawangan ngelam-ngelami ati

Sugih mblegedhu tumekan saiki

Urip bebarengan, guyub rukun mbangun karaharjaning urip

Iku mung ana ing impen

Impen kang sarwa endah tan bisa dadi kasunyatan

Saiki sing ana mung lebu lan lendhut

Cinepeng anane pepenginan mulyakake awakira

Ora preduli mring rakyat kesrakat

Ora preduli mring tatanan kautaman

Ora preduli mring uripe liyan

Sing ana mung urip mulya

Mulya sadhuwure lara-lapane papa sudra

Najan mangkono iki negeriku

Negeri kelairanku

Negeri nganti tumeka patiku

Negeri nenek moyangku

Negeri kang dakdama-dama

Ing manah lan saben lakuku

Indonesiaku ....

(Panjebar Semangat No. 35-31 Agustus2013, kaca 40)

 

MENULIS TEKS GEGURITAN

Sejatine ora ana cara kang kusus kanggo nulis guritan. Kanggo nggampangake ajar nulis guritan dakandharake langkah-langkah kaya kang kacetha ing ngisor iki.

1.      Nemtokake tema apa kang bakal katulis ing guritan. Kanthi anane tema kang wis katemtokake, geguritan kang ditulis bakal nduweni pathokan lan fokus marang tema kasebut.

2.      Ngumpulake tetembungan kang ana  sesambungane  karo  tema  kang ditemtokake. 

3.      Ngrakit frase adhedhasar tetembungan kang wus dikumpulake.

4.      Adhedhasar langkah 1, 2 lan 3 ing ndhuwur kita bisa ngrakit guritan.

Miturut strukture, geguritan iku ora kaiket aturan guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Nanging ora ana salahe yen geguritan iku ditulis kanthi nggatekake guru lagu, guru wilangan, lag guru gatra supay luwih penak nalika diwaca utawa dirungokake.

Sakliyane langkah-langkah nulis geguritan kang wus dijlentrehake ing dhuwur, sing kudu digatekne yaiku babagan tembung kang dipilih. Tembung sing dipilih yaiku tembung sing nduwe teges kang jero utawa nganggo basa rinengga (tembung dasanama, saroja, entar lan liyane). Tujuane migunakake basa rinengga yaiku supaya geguritan sing ditulis ukarasa luwih endah.

 

GLADHEN  2

1.      Semaken gambar ing ngisor iki, banjur salah siji gawenen geguritan!


gambar 2

                                    gambar 3 


gambar 1


2.      Nulisa geguritan miturut gambar sing wis dipilih.

3.      Critakno pesan moral kang ana ing sajroning geguritan sing wis koktulis.

4.      Gladhen ditulis kanthi rapi, banjur dikirim lewat link ing ngisor iki

7A        https://forms.gle/LUafRKEPnYqiTUrm7

7B        https://forms.gle/xvdfCbYAwQDmLPcd8

7C        https://forms.gle/mYgbGHQvLn63b8Qv9

7D        https://forms.gle/dYG6KLF4rSPrVLeo9

 

 

 

 


 

Senin, 18 Januari 2021

TEKS GEGURITAN 2


PERTEMUAN 2

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1   Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral puisi secara lisan dan tulis

4.1   Mengapresiasi secara lisan dan tulis teks puisi.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca atau mendengarkan teks puisi, siswa dapat

1.            mengidentifikasi unsur kebahasaan teks geguritan dengan tepat.

2.            menentukan pesan moral dalam teks geguritan dengan cermat.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

 

TAMAN

Dening : J.F.X. Hoery

 

Ing taman

Ing taman anakku

Tawon lan kupu rebutan madu

Kinjeng lan kombang rebutan kembang

Angin esuk ngerog embun ing pucuking kudhup

Kekedhering kinjeng lan kupu

Aja nganti mbokincup

Sawangen wae    

Endahe.           

Ing taman

 

Ing taman anakku      

Kupu lan kinjeng isih kapiadreng

Tawon lan kombang ngenam panandhang

Madu lan kembang ninggal kudhup esuk

Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore

Aja mbokguyu dheweke

Sawangen

Ing biruning langit

Kae papane kawruh lungit

Lan ing kana uga aku titip

Geguritan kang dakrakit.

Padangan-Bojonegoro, 1986, Jayabaya, No. 28 tgl. 9 Maret 1986

Lungit             : (Ind. rumit, namun indah)

kudhup           : kuncup

kekedher        : mlaku-mlaku

kapiadreng    : pingin banget

 

1.      Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

2.      Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?

3.      Ing taman iku ana apa wae?

4.      Ing wayah esuk, apa sing dilakoni dening kewan-kewan mau?

5.      Panggurit titip guritan sing wis dirakit ing ngendi?.

 

KAIDAH KEBAHASAAN TEKS GEGURITAN

Teks geguritan iku salah sijine puisi Jawa kang ngandelake kaendahan rasa. Carane  niteni  titikane  unsur  kebahasaane  geguritan kaya ing ngisor iki.

1.      Migunakake tembung kang endah lan mentes.

2.      Migunakake tembung Kawi (basa Jawa Kuna)

Tuladha:

”kae  papane  kawruh lungit”.

Tembung lungit iku  tembung kawi,  ateges  linuwih,  rumit, lan endah.

3.      Migunakake basa rinengga, kayata tembung  dasanama,  tembung  entar, tembung saroja, lan sapanunggalane. Basa rinengga yaiku basa  sing  dipaesi, basa  sing  didandani  supaya dadi luwih  endah. 

a.      Tembung dasanama

Tembung dasanama, yaiku tembung kang nduweni teges luwih saka siji.

Tuladha liyane:

Ø  Angin         : maruta, pawana, lesus, hawa, riwut, bajra, sindhung, bayu, samirana, wirayang.

Ø  Awan          : rahina, rina, siyang.

Ø  Bumi           : bantala, pratala, kisma, pratiwi, buwana, mandhala.    

b. Tembung entar

Tembug entar, yaiku tembung  kang  duwe  teges  ora  salugune/salumrahe. Tuladhane:

Ø  Adus eluh yaiku susah banget.

Ø  Ndhedher kautaman yaiku nandur kebecikan.

Ø  Nggilut kawruh yaiku ngudi kawruh kanthi mempeng

c.       Tembung saroja

Tembung saroja, yaiku tembung loro  meh  padha  tegese  digunakake bebarengan, kanggo mbangetake.

Tuladhane:

Ø  Adhem Ayem, nduweni teges yaiku uripe tansah kepenak, tentrem, lan makmur.

Ø  Gemah Ripah, nduweni teges yaiku subur. Welas asih, nduweni teges nduwe katresnan marang liyan.

 

 

PESAN MORAL TEKS GEGURITAN

Saben-saben karya satra kang ditulis dening panganggit duweni pesen moral sing pingin disampekake marang pamaca. Semana uga ing teks geguritan. Senajan teks geguritan iku wujude luwih ringkes tinimbang cerkak utawa teks crita liyane, nanging uga nduweni pesen moral kang pingin disampekake.  Pesan  moral iku awujud nilai budi pekerti kang bisa aweh kawrih lan nuntun pamaca supaya nindakake kabecikan.

 

TULADHANE TEKS GEGURITAN

 

INDONESIAKU

Dening: Septika Ratna S.

 

Jamrud khatulistiwa julukanku

Rowa ... samudra raya tanpa winates

Wiwit Sabang tumekan Merauke

Tharik-tharik pulo-pulone ... endah ing netra

Ijo royo-royo dadi sesawangan ngelam-ngelami ati

Sugih mblegedhu tumekan saiki

Urip bebarengan, guyub rukun mbangun karaharjaning urip

Iku mung ana ing impen

Impen kang sarwa endah tan bisa dadi kasunyatan

Saiki sing ana mung lebu lan lendhut

Cinepeng anane pepenginan mulyakake awakira

Ora preduli mring rakyat kesrakat

Ora preduli mring tatanan kautaman

Ora preduli mring uripe liyan

Sing ana mung urip mulya

Mulya sadhuwure lara-lapane papa sudra

Najan mangkono iki negeriku

Negeri kelairanku

Negeri nganti tumeka patiku

Negeri nenek moyangku

Negeri kang dakdama-dama

Ing manah lan saben lakuku

Indonesiaku ....

(Panjebar Semangat No. 35-31 Agustus2013, kaca 40)

 

Winates          : batas

Netra              : mata

Tan                  : ora

Kasunyatan   : dadi nyata

Kesrakat         : nandang kemlaratan banget

Papa sudra    : wong asor

 

 

 

 

 


 

Senin, 11 Januari 2021

TEKS GEGURITAN 1



PERTEMUAN 1

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1   Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral puisi secara lisan dan tulis

4.1   Mengapresiasi secara lisan dan tulis teks puisi.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca atau mendengarkan teks puisi, siswa dapat

1.      menentukan struktur tes puisi dengan cermat.

  

C.      RINGKASAN MATERI 

 

MERAPI

(Putu Aryana)

Merapi....,

Saka kadohan katon gagah

Mega putih ndedel ing awiyat

Tilas dalan lahar katon cetha

Kena sunare Sang Hyang Bagaskara

Merapi....,

Saumpama kowe bisa crita

Kabeh kadadean ing tanah Jawa

Wiwit jaman Mataram kuna

Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi....,

Sliramu anyekseni kridhaning bangsa

Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda

Jaman kamardikan jaman Sukarno

Nganti jaman Suharto

Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo

Merapi dadi saksi

 

1.      Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

2.      Geguritan ing dhuwur nyritakake bab apa?

TEKS GEGURITAN

Teks geguritan iku salah siji jinise puisi Jawa  gagrag  anyar. Teks geguritan diarani gagrag anyar amarga nalika nulis geguritan  panulise  ora kaiket  dening  paugeran-paugeran  kang ana  ing  tembang  macapat, yaiku  anane guru  gatra,  guru  wilangan,  lan  guru   lagu),  nanging  tetep  ngandelake kaendahane basa. Basa sing digunakake basa sing indah, mentes maknane, lan mantesi.

 

STRUKTUR TEKS GEGURITAN

Teks geguritan iku nduweni struktur loro kaya jlentrehan ing nisor iki.

1.      Teks geguritan ora kaiket guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.

a.       Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasane gatra (larik).

b.      Guru wilangan, yaiku cacahe wanda (suku kata) saben larik.

c.       Guru gatra, yaiku cacahe larik saben pada (bait).

2.      Cakrike bebas, bisa  wujud  pada, bisa uga wujud carita

 

TULADHANE TEKS GEGURITAN

 

TEKS GEGURITAN

TEKS TEMBANG MACAPAT

Lintang Panjer Rahina

                                                     (Slamet SA)

 

Nalika bumi isih sepi

Lintang panjer rahina wis tangi

Menehi Pepadhang sagung dumadi

Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki

Para among tani wis ndalidir mecaki galengan

Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya

Para ngulama tumungkul mengestu puja

Para santri wiridan ngaji

Jago kluruk sesautan

Melu tasbeh marang pangeran

Ndonya wis gagat rahina

Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

Ora kaiket guru lagu, guru wilangan, guru gatra

Aja sira niru tindak kang tan becik,

Sanadyan wong liya,

Lamun pamuruke becik,

Miwah ing tindak prayoga

12i

6a

8i

8a

 

 

Saben nulis geguritan, guru lagu, guru wilangan, lan guru gatrane bebas.

Saben nulis tembang maskumambang kudu miturut aturan ing dhuwur:

-          guru lagu (i, a, i, a)

-          guru wilangan (12, 6, 8, 8)

-          guru gatrane (4)

Supaya mangerteni isine geguritan ing dhuwur, ayo dibahas bareng kanthi njawab pitakonan ing ngisor iki.

1.      Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

2.      Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?

3.      Kapan pada mulai  makarya?

4.      Sapa wae sing ngupaya rejeki?

 

 

 

 


 

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...