Selasa, 11 Agustus 2020

TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF



PERTEMUAN 3

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1   Memahami teks hasil observasi, tanggapan deskriptif, dan eksposisi dalam bentuk informasi atau berita secara lisan dan tulis

4.1   Menelaah dan menyunting teks hasil observasi, tanggapan deskriptif, dan eksposisi dalam bentuk informasi atau berita secara lisan dan tulis

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks dheskriptif, siswa dapat

1.      menulis teks dheskripsi dengan urut secara mandiri.

2.      menyunting teks dheskripsi dengan tepat secara mandiri.

           

C.      RINGKASAN MATERI 

NULIS LAN NYUNTING TEKS TANGGAPAN DHESKIPTIF

Kanggo nulis wacan teks tanggapan deskriptif, ana urut-urutan kang perlu dilakokake.

1.      Nemtokake underaning perkara (tema).

2.      Ngumpulake katrangan kanthi njingglengi bab kang arep ditulis

3.      Nyathet perangan-perangan bab kanthi rinci

4.      Nulis teks kanthi urut lan cetha

 

Sakwise nulis teks, perkara kang perlu dilakokake yaiku nyunting teks. Nyunting teks yaiku mbenerake panulisan kan kleru leandhesan wewaton. Carane nyuning teks:

1.      Njingglengi teks lan nggoleki panulisan sing kleru, bisa jeneng, panggonan, gelar, ejaan, lan tandha  panulisan.

2.      Mbenerake panulisan kang kleru lelandhesan wewaton.


TULADHA

NO.

PENULISAN KANG KLERU

PENULISAN KANG BENER

1.

solo

Solo

2.

dhadi

dadi

3.

puteh

putih

4.

gede

gedhe

5.

jeruk apel lan salak

Jeruk, apel, lan salak

 

   

D.     GLADHEN



Teks tanggapan dheskriptif  ing ngisor iki  durung  urut.  Coba  ukara-ukara  ing  ngisor iki urutno  kanthi  migatekake   struktur  teks  kang  kedadean  saka idhentifikasi,  klasifikasi/dhefinisi  lan  dheskripsi  bagean.

 

TLAGA SARANGAN

1.     Tlaga  Sarangan  dununge  ing  sakulone  kutha  Magetan,  kurang  luwih  adohe 16 km.

2.     Ing sakiwa tengene tlaga akeh sumadya papan panginepan.

3.   Tlaga Sarangan yaiku tlaga  alami sing manggon ana ing sikile Gunung Lawu, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Provinsi Jawa Timur.

4.  Ing  sakiwa  tengene  Tlaga  Sarangan  akeh  restoran,  warung,  lan panganan sing diiderake dening para bakul.

5.  Kepingin  ngubengi  tlaga  wis  dicepaki  sarana  transportasi  kang  arupa jaran, prau motor, lan becak air.

6.     Kabeh siap ngajak para pengunjung ngubengi tlaga!

7.     Magetan duwe potensi indhustri kecil sing wis misuwur.

8.      Pengunjung ora perlu kuwatir keluwen.

9.      Pengunjung  obyek  wisata  Tlaga  Sarangan  saben  taun  cacahe  bisa nganti ewon.

10.  Tlaga Sarangan uga diarani Tlaga Pasir.

11. Tlaga Sarangan minangka obyek wisata andelane Kabupaten Magetan.

12. Fasilitas  liyane  kayata:  kios  souvenir,   prau,  restoran,  warung,  telpun umum, papan ibadah, lan liya-liyane.

13.  Tlaga iki ambane kurang luwih 30 hektar, jerone 28 meter, dene suhu rata-rata antarane 18 – 25 derajat celcius.

14.  Para pangunjung bisa ngenggar-enggar ati sasuwene liburan.

15.  Ing warung akeh pilihan menu.

16.  Panganan khas ing tlaga Sarangan yaiku sate truwelu (kelinci).

17. Prodhuk  indhustri  kecil  wujud  kerajinan  sing  bisa  kanggo  souvenir, kayata:  anyaman  saka  pring,  kerajinan  sepatu  kerajinan  kulit  lan prodhuk panganan ana emping mlinjo, lempeng, jrangking lan carang  mas.

 

Gladhen ing dhuwur dikerjakne ing buku tugas, banjur difoto lan dikirim ing link ngisor iki.

7A

7B

        

        

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

AKSARA JAWA 2

PERTEMUAN 2   A.      KOMPETENSI DASAR 3.6   Memahami  kaidah  penulisan teks  berupa  kalimat  sederhana dengan   aksara  Jawa./  car...